-
“Peperangan Iku Ana ing Astane Sang Yéhuwah”Warta Penting (Umum)—2016 | No. 5
-
-
Dawud ngerti nèk Goliat kuwi awaké gedhé dhuwur lan nganggo senjata perang. Ning, kuwi ora nggawé Dawud wedi. Dawud ora kaya Saul lan prajurité sing padha wedi. Dawud ora mbandhingké dhèwèké karo Goliat, ning, malah mbandhingké Goliat karo Yéhuwah. Nèk dibandhingké karo dhuwuré wong lanang umumé, ora ana sing isa ngluwihi Goliat, sing dhuwuré 2,9 mèter. Ning, nèk gedhéné Goliat dibandhingké karo Yéhuwah, ora ana apa-apané. Jelas, nèk Goliat kuwi padha kaya manungsa liyané, malah Goliat isa disebut kaya kéwan cilik sing siap dibasmi.
Dawud mlayu nèng arahé Goliat, terus njupuk watu ing tasé. Banjur ndèlèhké watuné ing umbané lan diubengké ing ndhuwur sirahé nganti muni swarané. Goliat lan wong sing nggawa tamèng mèlu maju nyedhaki Dawud. Merga Goliat gedhé dhuwur, tamèngé ora isa nglindhungi sirahé Goliat, sing bakal dadi sasarané Dawud.—1 Samuèl 17:41.
Dawud ngerti nèk wong sing paling gedhé waé ora ana apa-apané dibandhingké karo Yéhuwah
-
-
Dawud Nglawan Goliat—Apa Bener-Bener Nyata?Warta Penting (Umum)—2016 | No. 5
-
-
1 | Apa ana wong sing dhuwuré kira-kira 2,9 mèter?
Alkitab kandha nèk Goliat kuwi ”dedegé nem asta sakilan”. (1 Samuèl 17:4) Asta sing disebutké ing ayat kuwi dawané 44,5 sèntimèter, lan sakilan kuwi dawané 22,2 sèntimèter. Nèk diitung-itung kuwi kira-kira dhuwuré 2,9 mèter. Ana sing ngomong nèk ora mungkin dhuwuré Goliat nganti semono, ning coba dipikirké tenanan, saiki wong sing paling dhuwur sing tau dicathet kuwi dhuwuré luwih saka 2,7 mèter. Mula, apa ora wajar nèk Goliat luwih dhuwur 15 sèntimèter utawa luwih? Goliat kuwi keturunané suku Réfaim, sing dikenal merga awaké dhuwur banget. Ana dokumén ing Mesir saka abad 13 SM uga nerangké nèk ana prajurit sing gagah prakosa ing Kanaan dhuwuré luwih saka 2,4 mèter. Dadi isa waé Goliat dhuwuré semono, senajan kétoké ora wajar.
-