-
Tetepana IkrarmuWarta Penting (Wulangan)—2017 | April
-
-
7. (a) Apa sing dadi ikraré Hana lan apa sebabé Hana nggawé ikrar kuwi? Piyé crita sakbanjuré? (b) Apa pengaruhé ikraré Hana kanggo Samuèl? (Deloken katrangan ing ngisor.)
7 Hana uga nggawé ikrar marang Yéhuwah wektu ngalami kahanan sing marahi strès. Hana diécé lan dilok-lokké merga ora isa nduwé anak. Dhèwèké dadi susah atiné. (1 Sa. 1:4-7, 10, 16) Hana crita perasaané marang Yéhuwah lan nggawé ikrar, ”Dhuh Sang Yéhuwah, Gustining sarwa dumadi, manawi Paduka nggalih dhateng karibedanipun abdi Paduka lan karsa ngèngeti kawula saha boten kasupèn dhateng abdi Paduka, nanging maringi anak jaler dhateng abdi Paduka punika, kawula badhé ngaturaken laré punika dhateng Sang Yéhuwah sajeging gesangipun saha sirahipun boten badhé kagepok ing lading panyukuran.”a (Deloken katrangan ing ngisor.) (1 Sa. 1:11) Dongané Hana dijawab lan setaun sakbanjuré Hana nglairké anak lanang sing jenengé Samuèl. Hana seneng banget, ning ora lali karo ikraré. Wektu anaké lair, Hana kandha, ”Iku olèhku nyuwun marang Sang Yéhuwah.”—1 Sa. 1:20.
Hana lila ngurbanké duwèké sing paling aji kanggo netepi janjiné marang Yéhuwah
-