-
Dhèwèké Tumindak WicaksanaTirunen Imané
-
-
BAB SANGA
Dhèwèké Tumindak Wicaksana
1-3. (a) Bebaya apa sing bakal diadhepi keluargané Abigail? (b) Apa sing bakal disinaoni saka wong wadon sing nggumunké iki?
ABIGAIL isa ndelok nèk wong lanang enom kuwi ndredheg. Dhèwèké kewedèn, lan kuwi ana sebabé. Bakal ana bebaya sing medèni banget. Wektu kuwi ana kira-kira 400 prajurit sing arep teka kanggo matèni kabèh wong lanang ing keluargané Nabal, bojoné Abigail. Nanging, apa sebabé?
2 Kuwi merga Nabal. Kaya biyasané, Nabal tumindak kejem lan kurang ajar. Nanging saiki, sing dirèmèhké dudu wong biyasa, wong kuwi pemimpin sing ditresnani pasukané sing trampil lan setya. Saiki, salah siji pegawéné Nabal sing isih enom, mbokmenawa pangon wedhus, marani Abigail. Dhèwèké percaya Abigail isa tumindak kanggo nylametké keluargané Nabal. Nanging, apa wong wadon siji isa nglawan sakpasukan prajurit?
Apa wong wadon siji isa nglawan sakpasukan prajurit?
-
-
Dhèwèké Tumindak WicaksanaTirunen Imané
-
-
”Dipun Ungel-ungeli Awon”
8. Sapa sing dirèmèhké Nabal, lan apa sebabé tumindaké Nabal kuwi ora wicaksana?
8 Nabal nggawé kahanané Abigail luwih angèl ketimbang sakdurungé. Wong lanang sing dirèmèhké Nabal kuwi Dawud. Dawud kuwi abdiné Gusti Allah sing setya, sing wis dilantik Samuèl. Kuwi tegesé Dawud wis dipilih Yéhuwah dadi raja kanggo nggantèni Saul. (1 Sa. 16:1, 2, 11-13) Dawud urip ing padhang belantara karo 600 prajurité sing setya, merga ndhelik saka Saul sing sengit lan péngin matèni dhèwèké.
-
-
Dhèwèké Tumindak WicaksanaTirunen Imané
-
-
12 Nabal malah ngamuk. Wong lanang enom sing disebutké mau, crita karo Abigail nèk utusané Dawud ”malah dipun ungel-ungeli awon [utawa, digetak-getak lan dirèmèhké]”. Nabal sing pelit ora gelem ngekèki roti, banyu, lan daging belèhan. Nabal nganggep Dawud ora penting lan madhakké Dawud karo budhak sing minggat saka juragané. Cara mikiré Nabal mungkin padha kaya Saul sing gething karo Dawud. Wong lanang loro iki cara mikiré ora kaya Yéhuwah. Yéhuwah nresnani lan ora nganggep Dawud budhak sing mbrontak, nanging raja sing bakal nduwé kuwasa ing Israèl.—1 Sa. 25:10, 11, 14.
-
-
Dhèwèké Tumindak WicaksanaTirunen Imané
-
-
14. (a) Piyé Abigail nduduhké nèk dhèwèké wis mulai ngupaya kanggo ndandani masalah sing parah? (b) Piwulang apa sing isa disinaoni saka sipaté Abigail lan Nabal? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)
14 Abigail nduduhké nèk dhèwèké wis mulai ngupaya kanggo ndandani masalah sing parah. Ora kaya bojoné, Abigail gelem ngrungokké. Wektu ngomongké bab Nabal, batur enom mau kandha, ”Bendara kula punika panggalihipun awon, temah boten saged dipun ajak rerembagan.”c (1 Sa. 25:17) Nabal ora gelem ngrungokké merga mung mikirké kepentingané dhéwé. Sipat sombong kaya ngono wis umum banget nganti jaman saiki. Nanging, batur enom mau ngerti nèk Abigail ora kaya Nabal, mula dhèwèké ngomongké iki karo Abigail.
Ora kaya Nabal, Abigail gelem ngrungokké
-