-
Dhèwèké Tumindak WicaksanaTirunen Imané
-
-
10 Piyé tumindaké para prajurité Dawud marang para pangon wedhus kuwi? Sakjané gampang banget nèk arep njupuk utawa nyolong wedhusé, nanging kuwi ora ditindakké. Prajurité Dawud malah kaya pager témbok sing nglindhungi kumpulan wedhusé Nabal lan para pangoné. (Wacanen 1 Samuèl 25:15, 16.) Wedhus lan para pangon iki ngadhepi akèh bebaya. Ana akèh kéwan buas ing kana, lan panggonan kuwi cedhak banget karo perbatasan sisih kidulé Israèl, dadi kerep diserang grombolan perampok lan maling saka bangsa asing.b
-
-
Dhèwèké Tumindak WicaksanaTirunen Imané
-
-
b Isa waé Dawud ngrasa nèk nglindhungi wong sing nduwé tanah lan kumpulan ternaké kuwi bukti pangabektiné marang Gusti Allah. Jaman kuwi, Yéhuwah péngin keturunané Abraham, Iskak, lan Yakub manggon ing negara kuwi. Dadi, nglindhungi negara kuwi saka kumpulan perampok asing padha kaya tugas suci marang Gusti Allah.
-