PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dhèwèké Nyritakké Isi Atiné marang Allah
    Tirunen Imané
    • 15, 16. (a) Apa pengaruhé kanggo Hana sakwisé nyritakké isi atiné lan ngibadah marang Yéhuwah ing kémah suci? (b) Piyé awaké dhéwé niru tuladhané Hana wektu sedhih?

      15 Apa pengaruhé kanggo Hana sing wis nyritakké isi atiné karo Yéhuwah lan ngibadah ing kémah suci? Critané ngandhani, ”Wong wadon mau tumuli metu, banjur gelem mangan lan ulaté ora suntrut manèh.” (1 Sa. 1:18) Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan kandha, ”Atiné wis ora sedhih.” Hana ngrasa lega, kaya-kayané dhèwèké wis mènèhké gawan sing abot marang Yéhuwah, Bapak ing swarga sing luwih kuwat. (Wacanen Jabur 55:23.) Apa ana masalah sing abot banget kanggoné Yéhuwah? Ora. Ndhisik ora, saiki ora, lan mbésuk ya ora.

      16 Wektu ngrasa susah, ora sanggup, utawa sedhih, awaké dhéwé isa niru tuladhané Hana lan bébas ndonga marang Gusti Allah. Alkitab nyebut Gusti Allah kuwi ”ingkang midhangetaken pandonga”. (Ms. 65:3) Nèk ndonga nganggo iman, rasa sedhih sing dirasakké bakal diganti Yéhuwah karo rasa ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah, kang ngungkuli saliring budi”.​—Fp. 4:6, 7.

  • Dhèwèké Nyritakké Isi Atiné marang Allah
    Tirunen Imané
    • 18 Kapan Penina sadhar nèk Hana ora nglokro senajan diécé terus? Crita ing Alkitab ora ngandhakké bab kuwi, nanging saka tembung ”ulaté ora suntrut manèh” nduduhké nèk wiwit wektu kuwi Hana wis luwih seneng lan ora kuwatir. Sing mesthi, Penina dadi sadhar nèk tumindaké sing èlèk ora ana pengaruhé manèh kanggo Hana. Alkitab ora nyebutké jenengé Penina manèh.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim