PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Élia Waspada, lan Ngentèni
    Tirunen Imané
    • 17, 18. (a) Apa sing dialami Élia pas lunga menyang Yizreèl? (b) Élia mlayu saka Karmèl nganti Yizreèl. Apa sebabé kuwi nggumunké? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

      17 Nabiné Yéhuwah mulai ngetutké dalan sing padha, sing diliwati Akhab. Dalané dawa banget, bècèk, lan peteng. Nanging bar kuwi, ana kedadéan sing nggumunké.

      18 ”Nabi Élia kaayoman ing pangwaosing Pangéran Yéhuwah. Panjenengané ngencengaké paningseté banjur lumajeng ngrumiyini Sang Prabu Akhab nganti tekan ing dalan kang menyang ing Yizreèl.” (1 Ra. 18:46) Dadi cetha, ”pangwaosing Pangéran Yéhuwah” wis nuntun Élia nganggo cara mukjijat. Yizreèl kuwi adohé kira-kira 30 kilomèter, lan Élia ya wis ora enom manèh.a Bayangna piyé nabi iki nyincingké jubahé, nalèkké ing pinggangé bèn sikilé isa bébas mlayu. Terus Élia mlayu ing dalan sing bècèk merga udan, mlayu sak banter-banteré bèn isa ndang nyusul, ngliwati, lan ninggal kréta raja sing ana ing mburiné.

      19. (a) Kekuwatan lan badan sing seger saka Yéhuwah kanggo Élia, ngélingké karo ramalan apa? (b) Wektu mlayu ing dalan menyang Yizreèl, Élia mesthi ngerti apa?

      19 Pancèn berkah sing gedhé banget kanggo Élia. Iki mesthi dadi pengalaman sing nggedhèkké ati banget merga Élia isa ngrasakké kekuwatan, keséhatan, lan badan sing seger, mbokmenawa ngungkuli sing wis tau dirasakké pas isih enom. Awaké dhéwé isa waé diélingké karo ramalan sing njamin keséhatan lan awak sing sampurna kanggo wong-wong sing setya ing bumi Pirdus sukmbèn. (Wacanen Yésaya 35:6; Lk. 23:43) Wektu mlayu ing dalan sing bècèk, Élia mesthi ngerti nèk wis nyenengké Bapak ing swarga, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati, yaiku Yéhuwah.

  • Dhèwèké Dilipur karo Gusti Allahé
    Tirunen Imané
    • 1, 2. Kedadéan apa sing ora bakal dilalèkké karo Élia ing uripé?

      ÉLIA mlayu terus senajan udan lan langité saya peteng. Perjalanané menyang Yizreèl isih adoh, lan Élia ya wis ora enom manèh. Nanging, Élia mlayu tanpa krasa kesel, merga éntuk ”pangwaosing Pangéran Yéhuwah”. Élia durung tau ngrasakké kekuwatan sing gedhé kaya ngono kuwi sakdurungé. Bayangna, Élia mlayu ndhisiki krétané Raja Akhab sing méwah lan ditarik jaran-jaran pilihan.​—Wacanen 1 Para Raja 18:46.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim