-
Apa Panjenengan Gelem Nggatèkké Conto-Conto ing Alkitab?Warta Penting (Wulangan)—2017 | Maret
-
-
12 Hizkia saiki dadi sombong lan ”ora ngatingalaké panuwuné tumrap kasaénan kang kaparingaké marang panjenengané”. Alkitab ora nyritakké apa sebabé sikapé Hizkia dadi malih. Mbokmenawa kuwi merga dhèwèké wis menang nglawan bangsa Asiria, merga Yéhuwah wis nambani dhèwèké, utawa merga dhèwèké saiki wis dadi sugih lan kondhang. Senajan wis ngabdi saktulusé ati, Hizkia wis tau dadi sombong lan Yéhuwah dadi ora seneng. Ning sakbanjuré, Hizkia ”ngesoraké sarirané” lan Yéhuwah ngapura Hizkia.—2 Bb. 32:25-27; Ms. 138:6.
Tanggepan kita wektu ana sing ngalem isa nduduhké apa sing ana ing njero ati kita
-
-
Apa Panjenengan Gelem Nggatèkké Conto-Conto ing Alkitab?Warta Penting (Wulangan)—2017 | Maret
-
-
14 Élinga karo kandhané Yésus, ”Manawa kowé wis nglakoni kabèh kang kapréntahaké marang kowé, kowé padha munia: Aku kabèh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakaké.” (Lk. 17:10) Wektu dadi sombong, Hizkia ora ngajèni apa sing wis Yéhuwah tindakké. Dadi, wektu ana sing ngalem bar awaké dhéwé nyampèkké ceramah, piyé carané bèn isa tetep andhap-asor? Kita isa mikirké tenanan lan ngomongké bab Yéhuwah sarta apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kita. Lan pancèn Yéhuwah sing maringi Alkitab sarta roh suci sing marahi awaké dhéwé isa nyampèkké ceramah kuwi.
-