-
Dhèwèké Mbéla Umaté AllahTirunen Imané
-
-
19. Apa sing arep ditindakké Haman, lan apa waé sing diomongké Haman bèn raja saya yakin?
19 Haman bener-bener ngamuk. Dhèwèké ora mung péngin matèni Mordekhai, nanging uga kabèh wong Yahudi. Haman uga ngupaya ngèlèk-èlèk wong Yahudi ing ngarepé raja. Haman ora nyebutké jenengé bangsa kuwi, dhèwèké mung nyebut bangsa sing ”pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa”. Omongan kuwi nduduhké nèk bangsa kuwi ora penting kanggo raja. Luwih kejem manèh, Haman ngomong nèk wong Yahudi ora manut karo hukum raja, dadi wong-wong kuwi pengkiyanat sing mbebayani. Haman uga gelem nyumbang dhuwit sing akèh marang raja kanggo nutup biaya numpes wong Yahudi ing wilayah Pèrsia.d Ahasywéros mènèhi Haman cincin cap duwèké raja kanggo ngesahké préntah apa waé sing dibutuhké.—Ès. 3:5-10.
-
-
Dhèwèké Mbéla Umaté AllahTirunen Imané
-
-
d Haman nawakké 10.000 talénta pérak, sing saiki kira-kira atusan yuta dolar AS. Nèk Ahasywéros kuwi Xerxes I, isa waé Ahasywéros kepéncut karo dhuwit sing ditawakké Haman kuwi. Merga Xerxes I wis ngentèkké dhuwit akèh wektu perang nglawan Yunani sing wis suwé direncanakké, nanging akiré kalah.
-