PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dhèwèké Mbéla Umaté Allah
    Tirunen Imané
    • 22. Apa sebabé Èster wedi ngadhep bojoné? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

      22 Èster mesthi kuwatir banget wektu krungu warta kuwi. Kanggoné Èster, iki ujian iman sing paling gedhé. Dhèwèké wedi, lan ngomongké sing sakbeneré marang Mordekhai. Èster ngélingké Mordekhai bab hukum raja, yaiku sapa waé sing ngadhep raja tanpa diundang isa diukum mati. Kejaba nèk raja ngethungké tongkat emasé, wong sing nglanggar hukum kuwi isa diapura. Lan, nèk ngélingi apa sing wis dialami Wasti wektu nolak préntah raja kanggo teka, apa Èster isa ngarep-arep nèk dhèwèké ora bakal diukum raja? Èster kandha marang Mordekhai nèk wis 30 dina, raja ora ngundang dhèwèké. Èster dadi bingung apa raja sing sipaté gampang molah-malih kuwi wis ora seneng karo dhèwèké.e—Ès. 4:9-11.

  • Dhèwèké Mbéla Umaté Allah
    Tirunen Imané
    • e Xerxes I dikenal wong sing gampang molah-malih lan wataké kasar. Sejarawan Yunani Hérodotus nyathet conto-conto perangé Xerxes nglawan Yunani. Raja mréntahké bèn kapal-kapal dijèjèrké ing Selat Helespontus bèn dadi jembatan apung. Wektu jembatan kuwi rusak merga badai, Xerxes ngongkon wong-wong sing nggawé jembatan kuwi ditugel guluné. Xerxes malah mréntahké anak buahé ”ngukum” Selat Helespontus, nganggo cara mecuti banyuné karo ngunèk-unèkké. Ing wektu kuwi uga, pas ana wong lanang sugih njaluk bèn anaké dibébaské saka dinas militèr, Xerxes malah mréntahké bèn awaké bocah kuwi disigar dadi loro, terus didadèkké tontonan kanggo pangéling-éling.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim