PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Dhèwèké Mbéla Umaté Allah
    Tirunen Imané
    • 18. (a) Apa sebabé Mordekhai nolak sujud marang Haman? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Piyé carané wong lanang lan wadon sing nduwé iman saiki niru tuladhané Mordekhai?

      18 Wong sing jenengé Haman nduwé jabatan penting ing kratoné Ahasywéros. Raja ndadèkké Haman perdana menteri, Haman uga dadi penaséhat utama lan wong sing paling penting sakwisé raja ing wilayah kuwi. Raja uga netepké nèk kabèh wong sing ketemu Haman kudu sujud. (Ès. 3:1-4) Aturan iki mesthi dadi masalah kanggo Mordekhai. Dhèwèké ngerti kudu manut karo raja, nanging dhèwèké luwih manut karo Gusti Allah. Haman kuwi wong Agag. Artiné dhèwèké keturunané Agag, raja Amalèk sing dipatèni Samuèl, nabiné Yéhuwah. (1 Sa. 15:33) Wong Amalèk kuwi jahat banget, mula dadi mungsuhé Yéhuwah lan Israèl. Gusti Allah ngutuk bangsa Amalèk.c (PT. 25:19) Mosok wong Yahudi sing setya sujud karo wong Amalèk? Mordekhai ora gelem nindakké kuwi. Dhèwèké nolak sujud marang Haman. Wong lanang lan wadon sing nduwé iman saiki, uga lila ngurbanké nyawané kanggo manut pathokan iki, ”Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.”​—PR. 5:29.

  • Dhèwèké Mbéla Umaté Allah
    Tirunen Imané
    • c Haman mungkin klebu ing antarané sakelompok cilik wong Amalèk sing isih urip, merga ”kekarèné” [utawa, sing kèri] saka wong Amalèk, wis dipatèni pas jamané Raja Hizkia.​—1 Bb. 4:43.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim