PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Carané Bèn Resik Kaya sing Dikarepké Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 2. Bèn ora dadi najis kudu piyé?

      Menurut Alkitab, ’badan lan pikirané awaké dhéwé aja nganti dadi najis’. (2 Korintus 7:1) Awaké dhéwé aja nganti mikirké sing ora nggenah bèn Yéhuwah seneng. (Mazmur 104:34) Terus ya aja nganti ngomong sing saru-saru.​—Wacanen Kolose 3:8.

      Bèn badan lan pikiran ora najis kudu piyé? Awaké dhéwé ora ngrokok, nginang, utawa nganggo narkoba. Hasilé, mengko isa dadi luwih séhat. Kuwi ya bukti nèk awaké dhéwé bersyukur karo Yéhuwah merga wis dikèki urip. Bèn pikiran ora dadi najis, awaké dhéwé ya ora masturbasia lan ora ndelok sing saru-saru. (Mazmur 119:37; Éfésus 5:5) Yéhuwah mesthi bakal mbantu bèn awaké dhéwé ora nglakoni kebiasaan-kebiasaan kuwi manèh.​—Wacanen Yésaya 41:13.

  • Carané Bèn Resik Kaya sing Dikarepké Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 5. Berjuang bèn pikiran lan tingkah laku tetep bener

      Wacanen Kolose 3:​5, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Apa buktiné Yéhuwah ora seneng nèk awaké dhéwé masturbasi, sexting,c utawa ndelok sing saru-saru?

      • Menurut njenengan, isa apa ora pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé kaya sing dikarepké Yéhuwah? Lha ngapa njenengan njawab ngono?

      Piyé bèn ora mikir sing saru-saru? Setèlen VIDÉONÉ.

      VIDÉO: Ora Gelem Mikirké sing Salah (1:​51)

      Menurut Yésus, awaké dhéwé kudu berjuang bèn tingkah lakuné tetep bener. Wacanen Matius 5:​29, 30, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Maksudé Yésus kuwi dudu ngongkon nglarani badan, tapi gelem nglakoni apa waé bèn pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé tetep bener. Contoné, gelem nglakoni apa waé?d

      Yéhuwah ngerti lan menghargai upayané awaké dhéwé bèn ora mikir sing saru-saru. Wacanen Mazmur 103:​13, 14, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Nèk lagi berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh, piyé perasaané njenengan bar maca ayat kuwi?

      Aja putus asa

      Piyé nèk kambuh wektu lagi berjuang bèn ora nglakoni kebiasaan sing salah? Apa kudu putus asa? Nèk pelari kesandhung terus tiba, kuwi ora berarti dhèwèké kalah utawa kudu mbalèni manèh saka ngarep. Nèk kambuh, kuwi ora berarti awaké dhéwé gagal utawa upayané selama iki ora ana gunané. Kambuh kuwi biasa, dadi aja putus asa. Yéhuwah mesthi isa mbantu bèn njenengan ora nglakoni kebiasaan sing salah manèh.

      Pelari sing ngadeg manèh bar tiba.
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim