-
Nganggep Urip Kuwi BerhargaBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Ngapa kok kudu nganggep urip kuwi berharga?
Urip kudu dianggep berharga merga kuwi anugrah saka Yéhuwah. Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi ”sing mènèhi urip”. (Mazmur 36:9) ”Dhèwèké kuwi sing mènèhi urip lan napas marang kabèh wong. Dhèwèké ya nggawé sakabèhé.” (Kisah 17:25, 28) Yéhuwah ora mung nggawé bèn manungsa urip, tapi ya bèn uripé bahagia.—Wacanen Kisah 14:17.
-
-
Nganggep Urip Kuwi BerhargaBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Apa buktiné nèk nganggep urip kuwi berharga?
Kèt ing njero kandungan, awaké dhéwé wis digatèkké Yéhuwah. Pas ndonga, Daud ngomong, ”Njenengan ndelok aku malah sakdurungé aku lair.” (Mazmur 139:16) Yéhuwah nganggep uripé awaké dhéwé kuwi berharga banget. (Wacanen Matius 10:29-31.) Nèk ana sing sengaja matèni wong liya utawa bunuh diri, Yéhuwah sedhih banget.a (Pangentasan 20:13) Yéhuwah ya sedhih nèk ana sing ora ngati-ati, terus marahi wong liya utawa dhèwèké dhéwé dadi cilaka. Dadi nèk ngati-ati bèn ora cilaka lan ora nyilakani wong liya, berarti nganggep nèk urip kuwi berharga.
-
-
Nganggep Urip Kuwi BerhargaBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Menghargai uripé bayi ing njero kandungan
Daud crita nèk Yéhuwah seneng banget nggatèkké perkembangané bayi, malah kèt bayi kuwi ana ing kandungan. Wacanen Mazmur 139:13-17, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut Yéhuwah, manungsa urip kuwi kèt dhèwèké mulai lair utawa malah kèt isih ing njero kandungan?
Yéhuwah mènèhi hukum kanggo bangsa Israèl mbiyèn bèn wong wédok sing lagi meteng lan bayi ing kandungané ora cilaka. Wacanen Pangentasan 21:22, 23, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing ora sengaja nyebabké keguguran?
Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing sengaja nggugurké kandungan?b
Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah nganggep uripé bayi ing kandungan kuwi berharga?
Meskipun ngerti nèk urip kuwi berharga, tapi ana sing ngrasa nèk kudu nggugurké kandungan merga mikir kuwi sing paling apik. Wacanen Yésaya 41:10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Nèk ana wong wédok sing dipeksa nggugurké kandungané, dhèwèké kuduné njaluk tulung karo sapa? Lha ngapa?
-
-
Nganggep Urip Kuwi BerhargaBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
b Wong sing tau nggugurké kandungan ora perlu terlalu ngrasa bersalah merga Yéhuwah isa ngampuni dhèwèké. Ing Bahan Tambahan pelajaran iki, sing judhulé ”Apa Awaké Dhéwé Éntuk Nggugurké Kandungan?” ana keterangan luwih akèh soal iki.
-