PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Apa Langit karo Bumi Diciptakké?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 6. Tunas thukul.

      PELAJARAN 06

      Apa Langit karo Bumi Diciptakké?

      Gusti Allah kuwi ”sing mènèhi urip”. (Mazmur 36:9) Apa kuwi bener? Ana sing mikir nèk langit karo bumi sak isiné ujug-ujug ana. Nèk kuwi bener, berarti uripé awaké dhéwé ora ana gunané. Tapi nèk awaké dhéwé diciptakké, berarti Yéhuwah nduwé alesan nyiptakké awaké dhéwé.a Gatèkna keterangan ing Alkitab soal asal mulané makhluk hidup lan buktiné nèk kuwi bener.

      1. Sapa sing nyiptakké langit karo bumi?

      Menurut Alkitab, ”Awalé, Gusti Allah nyiptakké langit lan bumi.” (Purwaning Dumadi 1:1) Akèh ahli ilmu pengetahuan ya percaya nèk langit karo bumi ana sing nyiptakké. Gusti Allah nggunakké ”kekuwatané”, yaiku roh suciné, kanggo nyiptakké langit karo bumi, termasuk galaksi, bintang, lan planèt.​—Purwaning Dumadi 1:2.

      2. Ngapa Gusti Allah nyiptakké bumi?

      Yéhuwah ”nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa”. (Yésaya 45:18) Dhèwèké nggawé bumi bèn pénak dienggoni lan manungsa isa urip saklawasé ing kono. (Wacanen Yésaya 40:28; 42:5.) Para ahli ilmu pengetahuan ngomong nèk bumi béda karo planèt liyané merga mung bumi sing isa dienggoni manungsa.

      3. Apa bédané manungsa karo kéwan?

      Sakwisé nggawé bumi, Yéhuwah nyiptakké makhluk hidup. Dhèwèké nyiptakké tanduran lan kéwan. Bar kuwi, ”Gusti Allah nyiptakké manungsa sing mirip karo Dhèwèké”. (Wacanen Purwaning Dumadi 1:27.) Manungsa béda karo kéwan merga manungsa nduwé sifat-sifaté Gusti Allah, contoné sayang lan adil karo wong liya. Manungsa ya isa belajar basa, seneng seni, lan seneng musik. Ora kaya kéwan, manungsa isa nyembah Gusti Allah.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ndelok bukti-bukti nèk langit karo bumi diciptakké lan keterangan ing Alkitab soal penciptaan kuwi bener. Terus, ya ana keterangan nèk manungsa nduwé sifat-sifaté Gusti Allah.

      4. Langit karo bumi diciptakké

      Manungsa dipuji merga isa nggawé barang padahal kuwi mung niru ciptaané Gusti Allah. Tapi sakjané sapa sing kuduné dipuji? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Percaya Gusti Allah Ana (2:​43)

      • Apa waé barang gawéané manungsa sing niru ciptaané Gusti Allah?

      Omah digawé manungsa, tapi sapa sing nggawé bumi sak isiné? Wacanen Ibrani 3:​4, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Ciptaané Gusti Allah sing paling njenengan senengi apa?

      • Apa njenengan percaya nèk langit karo bumi diciptakké? Ngapa njenengan njawab ngono?

      Keterangan

      Deloken artikel lan vidéo ing sèri ”Apa Iki Dirancang?” lan ”Pendapat soal Urip lan Sing Nyiptakké” ing jw.org.

      ”Saben omah mesthi dibangun karo wong, ning sing mbangun kabèh yaiku Gusti Allah”

      Wong sing lagi nggawé omah gedhèg.

      5. Keterangan ing Alkitab soal penciptaan kuwi bener

      Ing Purwaning Dumadi 1 ana keterangan soal asal mulané bumi sak isiné. Apa kuwi mémang bener? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Apa Alam Semesta Diciptakké?​—Cuplikan (3:​51)

      Gambar: Gambar saka vidéo ’Apa Alam Semesta Diciptakké?​—Cuplikan’. 1. Enem dina penciptaan. 2. Bumi sakwisé enem dina penciptaan.
      • Menurut Alkitab, apa bumi sak isiné diciptakké 6 dina?

      • Menurut njenengan, apa keterangan ing Alkitab soal penciptaan kuwi bener? Ngapa njenengan njawab ngono?

      ​Wacanen Purwaning Dumadi 1:​1, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Para ahli ilmu pengetahuan ngomong nèk langit karo bumi diciptakké. Apa buktiné nèk kuwi cocog karo keterangan ing Alkitab?

      Ana sing nganggep nèk Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup siji bèn dadi makhluk hidup liyané. Wacanen Purwaning Dumadi 1:​21, 25, 27, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut Alkitab, apa Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup siji bèn dadi manungsa lan kéwan, utawa kèt awal Gusti Allah nyiptakké menurut jenisé dhéwé-dhéwé?

      6. Manungsa béda karo ciptaan liyané

      Manungsa diciptakké béda karo kéwan. Wacanen Purwaning Dumadi 1:​26, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Manungsa diciptakké mirip karo Gusti Allah. Dadi nèk manungsa isa sayang lan gampang mesakké karo wong liya, berarti Gusti Allah nduwé sifat apa?

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Keterangan ing Alkitab soal penciptaan kuwi ora bener.”

      • Nèk menurut njenengan piyé? Ngapa kok njenengan njawab ngono?

      KESIMPULAN

      Yéhuwah nyiptakké langit karo bumi sak isiné.

      Jawaben

      • Critakna keterangané Alkitab soal asal mulané langit karo bumi.

      • Apa Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup siji bèn dadi makhluk hidup liyané, utawa apa kèt awal Gusti Allah nyiptakké menurut jenisé dhéwé-dhéwé?

      • Apa bédané manungsa karo ciptaan liyané?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa waé barang gawéané manungsa sing niru ciptaané Gusti Allah?

      ”Saka Ciptaan Awaké Dhéwé Isa Ngerti soal Apa?” (Gatèkna! September 2006)

      Deloken vidéo bapak sing lagi nyritani anaké soal ciptaan.

      Yéhuwah sing Nggawé Kabèh (2:36)

      Apa ing Alkitab ana keterangan nèk manungsa asalé saka kéwan, utawa kéwan saka tanduran?

      ”Apa Gusti Allah Nyiptakké Makhluk Hidup Liwat Évolusi?” (Artikel ing jw.org)

      Apa balung-balung sing ditemokké mbuktèkké nèk makhluk hidup ujug-ujug ana?

      Pertanyaan soal Asal Mulané Makhluk Hidup lan Jawabané (buku)

      a Ing pelajaran 25 bakal dirembug alesané Gusti Allah nyiptakké manungsa.

  • Nganggep Urip Kuwi Berharga
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 1. Ngapa kok kudu nganggep urip kuwi berharga?

      Urip kudu dianggep berharga merga kuwi anugrah saka Yéhuwah. Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi ”sing mènèhi urip”. (Mazmur 36:9) ”Dhèwèké kuwi sing mènèhi urip lan napas marang kabèh wong. Dhèwèké ya nggawé sakabèhé.” (Kisah 17:​25, 28) Yéhuwah ora mung nggawé bèn manungsa urip, tapi ya bèn uripé bahagia.​—Wacanen Kisah 14:17.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim