PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Ngapa Gusti Allah Nyiptakké Manungsa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Pelajaran 25. Bumi didelok saka luar angkasa.

      PELAJARAN 25

      Ngapa Gusti Allah Nyiptakké Manungsa?

      Menurut Alkitab, manungsa kuwi ”uripé singkat lan akèh masalah.” (Ayub 14:1) Apa mémang kuwi sing dikarepké Gusti Allah? Nèk ora, ngapa manungsa diciptakké? Apa karepé Gusti Allah isa kelakon? Ing Alkitab ana keterangan soal kuwi.

      1. Yéhuwah péngin awaké dhéwé uripé piyé?

      Yéhuwah péngin awaké dhéwé bahagia. Mulané, pas nyiptakké manungsa pertama, Adam karo Hawa, wong loro kuwi dikon manggon ing Taman Èden, panggonan sing apik banget. Terus, ”Gusti Allah mberkahi manungsa lan kandha marang manungsa, ’Kowé kudu nduwé anak akèh. Kowé kudu ngebaki lan nguwasani bumi.’” (Purwaning Dumadi 1:​28) Adam karo Hawa dikon nduwé anak, nggawé bumi dadi taman sing apik, lan ngopèni kéwan-kéwan. Yéhuwah péngin kabèh wong isa séhat lan urip saklawasé.

      Meskipun saiki uripé manungsa susah,a Gusti Allah isih péngin bèn sing dikarepké kuwi kelakon. (Yésaya 46:​10, 11) Wong-wong sing manut Gusti Allah mesthi bakal bahagia lan urip saklawasé.​—Wacanen Wahyu 21:​3, 4.

      2. Piyé carané bèn bahagia?

      Wektu nyiptakké manungsa, Yéhuwah nggawé supaya manungsa ”mbutuhké tuntunané Gusti Allah”. Mulané, bèn bahagia kudu nyembah Gusti Allah. (Wacanen Matius 5:​3-6.) Yéhuwah péngin awaké dhéwé dadi kanca akrabé, ’nindakké kabèh sing dikarepké, nresnani Dhèwèké, lan ngabdi saktulusé ati’. (Pangandharing Torèt 10:12; Mazmur 25:14) Hasilé, meskipun ngadhepi masalah, awaké dhéwé isa tetep bahagia nèk nglayani Yéhuwah.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ana keterangan sing apik banget soal piyé Yéhuwah nggawé bumi kanggo manungsa lan ngapa kok manungsa diciptakké.

      Adam karo Hawa ing Taman Èden.

      3. Yéhuwah péngin manungsa urip bahagia saklawasé

      Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Ngapa Gusti Allah Nggawé Bumi?​—Cuplikan (1:​41)

      • Ngapa kok bumi diciptakké apik banget?

      Wacanen Pengkhotbah 3:​11, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa buktiné nèk Yéhuwah péngin manungsa urip saklawasé?

      4. Sing dikarepké Yéhuwah mesthi kelakon

      Wacanen Mazmur 37:​11, 29 lan Yésaya 55:​11, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa buktiné nèk sing dikarepké Yéhuwah mesthi kelakon?

      A. Omah rusak. Atapé jebol, jendhélané pecah, halamané kebak sampah. B. Omah kuwi wis didandani.

      Omah sing rusak isa didandani. Bumi sing wis dirusak ya isa didandani Gusti Allah bèn dienggoni umaté

      5. Bahagia nèk nglayani Yéhuwah

      Awaké dhéwé isa bahagia nèk nglayani Yéhuwah. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan iki:

      VIDÉO: Aku Bahagia Nglayani Yéhuwah (5:​03)

      • Apa hasilé merga Terumi nglayani Yéhuwah?

      Wacanen Pengkhotbah 12:​13, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Yéhuwah wis apikan banget, dadi awaké dhéwé kudu piyé?

      NÈK ANA SING TAKON: ”Ngapa kok manungsa diciptakké?”

      • Njenengan njawab apa?

      KESIMPULAN

      Yéhuwah péngin awaké dhéwé urip bahagia saklawasé ing bumi. Saiki, awaké dhéwé ya isa bahagia nèk nglayani Yéhuwah.

      Jawaben

      • Sakjané, Yéhuwah péngin uripé Adam karo Hawa piyé?

      • Apa buktiné nèk sing dikarepké Yéhuwah mesthi kelakon?

      • Bèn bahagia, awaké dhéwé kudu piyé?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa buktiné nèk Taman Èden kuwi ana tenan?

      ”Apa Taman Èden Ana Tenan utawa Mung Dongèng?” (Warta Penting 1 Januari 2011)

      Apa buktiné nèk bumi ora bakal dihancurké?

      ”Apa Bumi Bakal Dihancurké?” (Artikel ing jw.org)

      Menurut Alkitab, ngapa kok awaké dhéwé diciptakké?

      ”Ngapa Kok Awaké Dhéwé Diciptakké?” (Artikel ing jw.org)

      Deloken pengalamané wong sing akhiré ngerti nèk nglayani Yéhuwah kuwi isa marahi bahagia.

      Saiki Uripku Bener-Bener Bahagia (3:​55)

      a Ing pelajaran 26 ana keterangan ngapa kok saiki uripé manungsa susah.

  • Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 2. Yésus mréntah karo sapa?

      Ana ”wong-wong saka saben suku, basa, golongan, lan bangsa . . . bakal dadi raja lan mréntah bumi” bareng karo Yésus. (Wahyu 5:​9,​10) Jumlahé pira? Meskipun sing dadi muridé Yésus ana akèh, tapi sing mréntah ing swarga bareng Yésus mung 144.000. (Wacanen Wahyu 14:​1-4.) Muridé Yésus liyané bakal dadi rakyaté ing bumi.​—Mazmur 37:29.

  • Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Sing Bakal Kelakon Nèk Kerajaané Gusti Allah Mréntah Bumi

      Saiki, Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga. Tapi, ora suwé manèh ya bakal mréntah bumi. Ayo dirembug apa waé berkah-berkahé.

      1. Bèn kabèh wong damai lan ora ana sing dijahati, Kerajaané Gusti Allah bakal ngapa?

      Yésus bakal nyingkirké wong jahat pas Armagédon. (Wahyu 16:​14, 16) Wektu kuwi, ”wong sing jahat ora bakal ana manèh”. (Mazmur 37:10) Kabèh wong bakal ngrasa damai lan ora ana sing dijahati.​—Wacanen Yésaya 11:4.

      2. Piyé uripé manungsa sukmbèn?

      Sukmbèn, ”wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé”. (Mazmur 37:29) Kabèh apikan, sayang karo Yéhuwah, sayang karo wong liya, ora ana sing lara, lan urip saklawasé. Kuwi mesthi nyenengké banget.

      3. Bar wong jahat disingkirké, apa sing bakal kelakon?

      Bar wong jahat disingkirké, Yésus mréntah nganti 1.000 taun karo 144.000. Wektu kuwi, manungsa suwé-suwé dadi sampurna manèh. Bar 1.000 taun rampung, bumi dadi taman sing apik banget lan wong-wongé bahagia merga manut Yéhuwah. Terus, Yésus bakal nyerahké Kerajaané marang Yéhuwah. Akhiré, ’jeneng Yéhuwah disucèkké’. (Matius 6:​9, 10) Wong-wong bakal ngerti nèk Yéhuwah sing pantes mréntah. Terus, Sétan, hantu-hantuné, lan sapa waé sing nglawan Yéhuwah bakal disingkirké. (Wahyu 20:​7-​10) Berkah-berkah kuwi bakal ana nganti saklawasé.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug apa buktiné nèk kabèh berkah kuwi mesthi kelakon liwat Kerajaané Gusti Allah.

      4. Pemerintahané manungsa bakal disingkirké

      ”Manungsa nguwasani manungsa liyané mulané dadi sengsara.” (Pengkhotbah 8:9) Liwat Kerajaané, Yéhuwah bakal nyingkirké kabèh wong sing marahi sengsara.

      Wacanen Danièl 2:​44 lan 2 Tésalonika 1:​6-8, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Pemerintahané manungsa bakal diapakké karo Yéhuwah lan Yésus?

      • Ngapa kok njenengan yakin nèk Yéhuwah lan Yésus ya mesthi adil wektu ngukum manungsa sing jahat?

      Yésus mréntah bumi saka swarga.

      5. Yésus Raja sing paling apik

      Wong-wong sing dipréntah Yésus bakal éntuk akèh berkah. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti nèk Yésus ora mung péngin, tapi ya isa mbantu manungsa.

      VIDÉO: Bukti Nèk Berkah-Berkah Kerajaané Gusti Allah Mesthi Kelakon (1:​13)

      Wektu ing bumi, Yésus nggawé akèh mukjijat. Kuwi ya bakal kelakon pas Yésus dadi Raja sukmbèn. Endi sing paling menarik kanggo njenengan? Wacanen ayat-ayat sing isiné soal berkah-berkah kuwi.

      PAS ING BUMI, YÉSUS . . .

      PAS DADI RAJA ING SWARGA, YÉSUS BAKAL . . .

      • ngendhegké badai.​—Markus 4:​36-​41.

      • nggawé bumi dadi apik manèh.​—Yésaya 35:​1, 2.

      • mènèhi mangan wong akèh.​—Matius 14:​17-​21.

      • nyukupi kebutuhan pangan.​—Mazmur 72:16.

      • nambani wong lara.​—Lukas 18:​35-​43.

      • nggawé kabèh wong dadi séhat.​—Yésaya 33:24.

      • nguripké manèh wong mati.​—Lukas 8:​49-​55.

      • nggawé manungsa sampurna lan urip saklawasé.​—Wahyu 21:​3, 4.

      6. Bakal ana masa depan sing apik banget

      Sing dikarepké Yéhuwah bakal bener-bener kelakon liwat Kerajaané. Manungsa bakal urip saklawasé ing bumi. Setèlen VIDÉONÉ bèn ngerti piyé carané sing dikarepké Yéhuwah isa kelakon liwat Yésus.

      VIDÉO: Masa Depan sing Apik Banget (4:​38)

      Wacanen Mazmur 145:​16, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané njenengan bar ngerti nèk Yéhuwah isa ”mènèhi kabèh sing dipéngini manungsa lan kéwan”?

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Kabèh masalah ing donya isa dirampungi bareng-bareng.”

      • Masalah apa sing isa dirampungi Kerajaané Gusti Allah tapi ora isa dirampungi pemerintahané manungsa?

      KESIMPULAN

      Sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané. Bumi bakal dadi apik banget lan dienggoni wong-wong sing nyembah Yéhuwah.

      Jawaben

      • Piyé jenengé Yéhuwah bakal disucèkké liwat Kerajaané Gusti Allah?

      • Apa buktiné nèk sing dikarepké Yéhuwah bakal kelakon liwat Kerajaané?

      • Berkah endi sing paling njenengan tunggu-tunggu?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Armagédon kuwi apa?

      ”Armagédon Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

      Apa sing bakal kelakon selama peristiwa sing disebut Yésus ”sengsara gedhé”?—Matius 24:21.

      ”Sengsara Gedhé Kuwi Apa?” (Artikel ing jw.org)

      Deloken piyé sak keluarga isa mbayangké urip sing nyenengké sukmbèn.

      Bayangna Urip ing Pirdus (1:​50)

      Ana wong sing akhiré ngerti nèk mung Kerajaané Gusti Allah sing isa mréntah manungsa. Wacanen pengalamané ing crita sing judhulé ”Ana Akèh sing Marahi Aku Bingung”.

      ”Kuwasané Alkitab” (Warta Penting 1 Januari 2012)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim