PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Yéhuwah Kuwi Kaya Apa?
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • 2. Apa waé sifaté Yéhuwah?

      Yéhuwah pancèn ora isa didelok, ning nèk ngerti sifat-sifaté, awaké dhéwé isa sayang karo Dhèwèké. Menurut Alkitab, ”Yéhuwah seneng karo tumindak sing adil, lan Dhèwèké ora bakal ninggalké wong sing setya.” (Mazmur 37:28) Dhèwèké ya ”gampang mesakké lan nduwé rasa sayang”, terutama karo wong sing susah. (Yakobus 5:​11) ”Yéhuwah cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.” (Mazmur 34:18) Tingkah lakuné awaké dhéwé isa nggawé Yéhuwah seneng utawa sedhih. Yéhuwah sedhih nèk awaké dhéwé nglakoni sing salah. (Mazmur 78:​40, 41) Tapi, Dhèwèké seneng nèk awaké dhéwé nglakoni sing bener.​—Wacanen Wulang Bebasan 27:11.

  • Buktiné Nèk Sayang Yéhuwah
    Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
    • Buktiné Nèk Sayang Yéhuwah

      Kèt pertama belajar nganti saiki, apa njenengan ngrasa tambah cedhak karo Gusti Allah? Apa njenengan péngin tambah cedhak manèh? Nèk njenengan tambah sayang karo Yéhuwah, Yéhuwah ya bakal tambah sayang karo njenengan. Apa buktiné nèk sayang Yéhuwah?

      1. Apa buktiné nèk sayang Yéhuwah?

      Nèk sayang Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi manut karo Dhèwèké. (Wacanen 1 Yohanes 5:3.) Yéhuwah ora tau meksa awaké dhéwé bèn manut, tapi arep manut apa ora kuwi terserah awaké dhéwé. Yéhuwah péngin awaké dhéwé manut ”saktulusé ati”. (Roma 6:​17) Maksudé manut ora merga kepeksa, tapi merga sayang. Nèk sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi berusaha bèn Yéhuwah seneng. Kuwi sing bakal dirembug ing bagian 3 karo 4.

      2. Ngapa kok manut Yéhuwah kuwi ora mesthi gampang?

      Menurut Alkitab, ”Wong sing bener ngalami akèh kesusahan.” (Mazmur 34:19) Awaké dhéwé isih ora sampurna, terus ya mungkin ngadhepi akèh masalah. Nèk masalahé abot, isa waé dadi ngrasa nèk nglakoni sing dikarepké Yéhuwah kuwi ora gampang. Tapi nèk tetep manut karo Yéhuwah, kuwi berarti awaké dhéwé sayang banget lan setya karo Yéhuwah. Yéhuwah ya bakal setya lan ora bakal ninggalké awaké dhéwé.​—Wacanen Mazmur 4:3.

      SINAU LUWIH AKÈH

      Ayo ngrembug ngapa kok Yéhuwah seneng nèk awaké dhéwé manut, lan piyé bèn awaké dhéwé isa terus manut karo Dhèwèké.

      3. Sétan nudhuh njenengan

      Ing buku Ayub ditulis nèk Sétan ora mung nudhuh Ayub, tapi ya kabèh sing péngin nyembah Yéhuwah. Wacanen Ayub 1:​1, 6–​2:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut Sétan, ngapa Ayub gelem manut Yéhuwah? ​—Deloken Ayub 1:​9-​11.

      • Kabèh wong, termasuk njenengan, ditudhuh apa karo Sétan?​—Deloken Ayub 2:4.

      Wacanen Ayub 27:5b, terus rembugen pertanyaan iki:

      • Apa buktiné nèk Ayub bener-bener sayang Yéhuwah?

      Sétan nantang Yéhuwah. Dhèwèké nudhuh Ayub lan kabèh umaté Yéhuwah saiki.

      Ayub tetep setya merga sayang Yéhuwah

      Awaké dhéwé tetep setya merga sayang Yéhuwah

      4. Nggawé Yéhuwah seneng

      Wacanen Wulang Bebasan 27:​11, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Piyé perasaané Yéhuwah nèk njenengan wicaksana lan manut Dhèwèké? Lha ngapa?

      5. Setya karo Yéhuwah

      Merga sayang lan setya karo Yéhuwah, awaké dhéwé gelem crita soal Dhèwèké meskipun kuwi ora gampang. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      VIDÉO: Mbéla Iman Wektu Ditentang (5:​09)

      • Menurut njenengan, gampang apa ora crita soal Yéhuwah?

      • Ing vidéo kuwi, apa sing nggawé Grayson akhiré dadi ora wedi manèh?

      Bèn isa setya, awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah soal sing Dhèwèké senengi lan ora. Wacanen Mazmur 97:​10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Saka sing wis njenengan pelajari, apa waé sing nggawé Yéhuwah seneng? Apa waé sing nggawé Dhèwèké ora seneng?

      • Piyé carané bèn nduwé pandhangan sing padha karo Yéhuwah?

      6. Manut karo Yéhuwah kuwi akèh berkahé

      Sing paling pénak kuwi nèk manut Yéhuwah. Wacanen Yésaya 48:​17, 18, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

      • Menurut njenengan, apa mémang Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo awaké dhéwé? Ngapa kok njenengan njawab ngono?

      • Selama njenengan sinau Alkitab lan kenal karo Yéhuwah, apa waé berkahé?

      NÈK ANA SING NGOMONG: ”Mosok tingkah lakuku isa nggawé Gusti Allah seneng utawa sedhih?”

      • Ayat endi sing isa dienggo njelaské nèk tingkah lakuné awaké dhéwé isa nggawé Gusti Allah seneng utawa sedhih?

      KESIMPULAN

      Bukti sayang karo Yéhuwah kuwi nèk manut lan tetep setya meskipun ora gampang.

      Jawaben

      • Apa sing isa ditiru saka Ayub?

      • Apa buktiné nèk njenengan sayang Yéhuwah?

      • Bèn isa setya karo Yéhuwah, njenengan kudu piyé?

      Rencana

      BAHAN TAMBAHAN

      Apa buktiné nèk setya karo Yéhuwah lan organisasiné?

      ”Njenengan Setya karo Wong sing Setya” (16:44)

      Ana keterangan luwih akèh soal piyé Sétan nudhuh manungsa.

      ”Ayub Tetep Setya” (Apa Isiné Alkitab? bagian 6)

      Piyé cah cilik ya isa sayang karo Yéhuwah? Deloken vidéoné.

      Nyenengké Atiné Yéhuwah (8:​16)

      Piyé cah-cah enom isa tetep setya karo Yéhuwah meskipun diojok-ojoki kancané?

      Aja Gelem Dijak Nakal (4:​00)

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim