-
Carané Nggawé Keputusan sing BenerBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Mikirké hati nuraniné wong liya
Isa waé saben wong keputusané béda-béda, tapi kudu tetep mikirké hati nuraniné wong liya. Misalé pas apa?
Situasi 1: Ana sedulur wédok sing senengané dandan, pindhah ing jemaat sing wong-wongé padha risi karo penampilané.
Wacanen Roma 15:1 lan 1 Korintus 10:23, 24, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Bar maca ayat-ayat mau, kira-kira sedulur kuwi bakal ngapa? Nèk hati nuraniné njenengan ora masalah, tapi hati nuraniné wong liya dadi ngrasa ora pénak, njenengan kuduné piyé?
Situasi 2: Ana sedulur lanang sing milih ora ngombé minuman keras, meskipun ngerti nèk menurut Alkitab ngombé minuman keras kuwi ora salah. Dhèwèké diundang ing acara, terus ndelok sedulur liya ngombé minuman keras.
Wacanen Pengkhotbah 7:16 lan Roma 14:1, 10, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Bar maca ayat-ayat mau, kira-kira sedulur kuwi bakal ngapa? Nèk hati nuraniné wong liya ora masalah, tapi hati nuraniné njenengan ngrasa ora pénak, njenengan kuduné piyé?
Carané nggawé keputusan sing bener:
1. Ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah.—Yakobus 1:5.
2. Nggolèk keterangan luwih akèh ing Alkitab lan bacaan saka organisasi bèn ngerti pathokan soal kuwi. Njenengan ya isa takon karo sedulur seiman sing kuwat imané.
3. Mikirké apa akibaté kanggo njenengan lan wong liya.
-
-
Carané Nggawé Yéhuwah Seneng Liwat OmonganBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
5. Ora ngèlèk-èlèk wong liya
Piyé bèn ora ngèlèk-èlèk wong liya? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:
Apa sing marahi sedulur kuwi akhiré ngerti nèk dhèwèké kuduné ora ngèlèk-èlèk wong liya?
Apa buktiné nèk dhèwèké saiki ora ngèlèk-èlèk wong liya?
Wacanen Pengkhotbah 7:16, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut ayat kuwi, nèk nganti péngin ngèlèk-èlèk wong liya, kudu ngrumangsani apa?
Wacanen Pengkhotbah 7:21, 22, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut ayat kuwi, bèn ora nesu pas dièlèk-èlèk wong liya, awaké dhéwé kudu piyé?
-