PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn
    Kratoné Allah Wis Mréntah
    • 12. Apa hubungan antarané umpama bab wiji sawi karo gawéan manèn saiki? (Deloken grafik ”Jumlah sing Sinau Alkitab Saya Akèh”.)

      12 (1) Thukulé: Umpama kuwi nduduhké nèk warta bab Kratoné Allah lan jemaat Kristen saya mundhak akèh. Wiwit 1919, wong-wong sing semangat manèn diklumpukké ing jemaat Kristen sing wis digawé murni. Jumlahé penginjil wektu kuwi isih sithik, ning mundhaké cepet banget. Jumlahé jemaat Kristen sing saya mundhak saka wiwitan taun 1900-an nganti saiki pancèn nggumunké. (Yé. 60:22) (2) Mesthi thukul: Mundhaké jemaat Kristen ora isa diendheg. Senajan akèh tentangan sing diumpamakké kaya watu sing nibani wiji cilik kuwi, ning wiji kuwi terus thukul. (Yé. 54:17) (3) Dadi panggonan: ”Manuk-manuk ing awang-awang” sing nemokké panggonan ing wit kuwi nggambarké jutaan wong sing tulus ing kira-kira 240 negara sing gelem nampa wulangan bener lan dadi bagéan saka jemaat Kristen. (Yk. 17:23) Ing kono, wong-wong kuwi nampa pangan rohani, kahanan sing nentremké, lan pangayoman.—Yé. 32:1, 2; 54:13.

      Manuk sing jinisé werna-werna éntuk pangayoman saka wit gedhé

      Umpama bab wiji sawi nduduhké nèk panggonan lan pangayoman dirasakké wong-wong sing ana ing jemaat Kristen (Deloken paragraf 11, 12)

  • Hasil Nginjil—Pategalan Wis Kuning lan Siyap Dipanèn
    Kratoné Allah Wis Mréntah
    • ’KANG CILIK DHÉWÉ DADI BANGSA KANG SANTOSA’

      ”KANG cilik dhéwé bakal dadi golongan kang gedhé, tuwin kang ringkih dhéwé bakal dadi bangsa kang santosa; Ingsun, Yéhuwah, bakal énggal nindakaké iku ing wektu kang wus Suntemtokaké.” (Yé. 60:22) Piyé ramalan kuwi kelakon? Piyé kelakoné ramalan kuwi mengaruhi Seksi-Seksi sakdonya sing wis suwé ngabdi?

      Börje Nilsson

      Börje Nilsson (umur 84 taun, baptis taun 1943) kandha, ”Aku éling ana sedulur sing dipilih munggah swarga dadi kolportir ing taun 1920-an. Pas nampa tugasé, yaiku mèh separo negara Swedia, dhèwèké manut terus langsung nginjil. Gawéané lan gawéan sedulur sing setya liyané diberkahi Yéhuwah. Saiki ana luwih saka 22.000 penginjil ing kéné. Senajan aku saya tuwa, aku péngin terus manut marang Yéhuwah. Ora ana sing isa ngerti apa sing wis disiyapké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé sukmbèn.”

      Etienne Esterhuyse

      Etienne Esterhuyse (umur 83 taun, baptis taun 1942) kandha, ”Wektu ndelok umaté Yéhuwah nèng Afrika Selatan saya akèh, saka kira-kira 1.500 ing taun 1942 lan saiki luwih saka 94.000 wong, aku nggumun banget. Dadi bagéan saka pakumpulan sing gedhé iki bener-bener nguwatké imanku.”

      Keith Gaydon

      Keith Gaydon (umur 82 taun, baptis taun 1948) kandha, ”Aku ndelok dhéwé jumlahé penginjil ing Inggris saya mundhak saka kira-kira 13.700 ing taun 1948, saiki dadi mèh 137.000. Aku yakin nèk iki gawéané Yéhuwah. Nèk nganggo kekuwatané manungsa kuwi ora mungkin isa, ning Yéhuwah kuwi sing ’nindakké kaélokan’.”—Pa. 15:11.

      Ulrike Krolop

      Ulrike Krolop (umur 77 taun, baptis taun 1952) kandha, ”Sakwisé Perang Donya II, Seksi-Seksi sing wis tekun senajan dianiaya Nazi, nyemangati sedulur-sedulur ing jemaat nèng Jerman. Akèh wong butuh panglipur, aku lan para sedulur ora ragu-ragu nglipur wong-wong merga Seksi-Seksi ora mèlu-mèlu ing perang sing medèni kuwi. Luwih saka 60 taun iki, aku wis ndelok piyé roh suciné Yéhuwah nuntun umaté. Saiki, ana luwih saka 164.000 Seksi-Seksi ing kéné. Kuwi bener-bener hasil sing nggumunké.”

      Mariya Brinetskaya

      Mariya Brinetskaya (umur 77 taun, baptis taun 1955) kandha, ”Bèn ora dicekel, aku dibaptis pas bengi-bengi. Terus, bojoku dikirim nèng kamp kerja paksa merga dhèwèké Seksi. Aku terus nginjil nèng désaku ing Rusia, ning ngati-ati banget. Ana tangga-tanggaku sing akiré nampa wulangan sing bener. Wektu kuwi mung ana sithik Seksi, ning aku seneng banget merga saiki ana luwih saka 168.000 Seksi ing Rusia.”

      Kimiko Yamano

      Kimiko Yamano (umur 79 taun, baptis taun 1954) kandha, ”Wektu aku ngerti ana 10.000 penginjil ing Jepang taun 1970, aku nangis merga seneng. Aku janji manèh karo Yéhuwah, ’Sakjegé urip aku bakal terus setya karo Panjenengan.’ Bayangna sepira senengé aku saiki, merga jumlah penginjil nèng kéné luwih saka 216.000.”

      Daniel Odogun

      Daniel Odogun (umur 83 taun) kandha, ”Pas aku dibaptis taun 1950, ing Nigeria ana 8.000 penginjil. Saiki, ana kira-kira 351.000 penginjil. Wektu kebaktian, aku trenyuh merga ndelok akèh banget wong sing teka, lan aku éling ayat ing Hagai 2:8. Yéhuwah pancèn lagi ngobahké bangsa-bangsa lan barang sing aji digawa mlebu. Aku isih ngupaya sak isa-isané kanggo nginjil, merga nginjil kuwi caraku kandha, ’Matur nuwun Yéhuwah.’”

      Carlos Silva

      Carlos Silva (umur 79 taun) kandha, ”Aku dibaptis taun 1952. Ana 5.000 Seksi ing Brasil wektu kuwi. Taun kuwi, kebaktian dianakké ing gedhung olahraga ing São Paulo. Aku mung ndelok ana rong mobil ing parkiran. Ana sedulur lanang sing nduding nèng arah Stadion Pacaembu, terus takon, ’Mungkin ora ya sukmbèn gedhung kuwi kebak karo Seksi Yéhuwah?’ Kétoké ora mungkin, ning taun 1973 gedhung kuwi dikebaki 94.586 wong. Saiki, ana luwih saka 767.000 Seksi ing Brasil. Jumlah kuwi bener-bener nggumunké.”

      Carlos Cázares

      Carlos Cázares (umur 73 taun) kandha, ”Aku dibaptis taun 1954, taun kuwi ana 10.500 penginjil ing Meksiko. Merga pas kuwi gawéan akèh banget, aku dilantik dadi pinituwa wilayah pas umur 21 taun. Bener-bener berkah sing gedhé isa ndelok dhéwé kelakoné ramalan ing Yésaya 60:22. Saiki, ana luwih saka 806.000 penginjil ing Meksiko sing mimpin luwih saka sakyuta wong sing sinau Alkitab. Kuwi nggumunké tenan.”

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim