-
Netepi Ramalané YésayaYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
”Iki abdi-Ku sing Tak pilih, sing Tak tresnani, sing ndadèkké senengé ati-Ku. Aku bakal maringké roh-Ku marang dhèwèké, lan dhèwèké bakal nduduhké apa kaadilan sejati kuwi marang bangsa-bangsa. Dhèwèké ora bakal padu lan ora bakal bengak-bengok, uga ora ana wong siji-sijia sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama. Suket sing alum ora bakal diidak-idak, lan sumbu sing geniné arep mati ora bakal dipatèni, nganti dhèwèké suksès nduduhké kaadilan. Bangsa-bangsa bakal ngarep-arep marang asmané.”—Matius 12:18-21; Yésaya 42:1-4.
-
-
Netepi Ramalané YésayaYésus—Dalan, Sing Bener, Sing Marahi Urip
-
-
Apa maksudé ”dhèwèké ora bakal padu lan ora bakal bengak-bengok, uga ora ana wong siji-sijia sing bakal krungu swarané ing dalan-dalan utama”? Sakwisé marèkké wong, Yésus ngongkon wong utawa roh jahat supaya ”ora crita bab Yésus”. (Markus 3:12) Yésus ora péngin wong-wong ngerti bab dhèwèké saka kabar sing héboh ing dalan-dalan utama utawa saka critané wong-wong sing durung mesthi bener.
-