-
Gusti Allah Kuwi Sapa?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
1. Sapa jenengé Gusti Allah? Apa buktiné nèk Gusti Allah péngin awaké dhéwé ngerti jenengé?
Ing Alkitab, Gusti Allah ngandhani jenengé, ”Aku Yéhuwah, kuwi jeneng-Ku.” (Wacanen Yésaya 42:5, 8.) Jeneng ”Yéhuwah” kuwi terjemahan saka basa Ibrani sing artiné ”Dhèwèké sing Nyebabké Dadi”. Yéhuwah péngin awaké dhéwé ngerti jenengé. (Pangentasan 3:15) Buktiné, jeneng Yéhuwah ing Alkitab ana luwih saka 7.000.a Yéhuwah kuwi jenengé ”Gusti Allah sing bener ing langit lan ing bumi”.—Pangandharing Torèt 4:39.
-
-
Ibadah sing Sesuai karo Karepé Gusti AllahBahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Ngapa kok mung Yéhuwah sing kudu disembah?
Mung Yéhuwah thok sing kudu disembah soalé Dhèwèké sing nyiptakké sak kabèhé. (Wahyu 4:11) Kuwi artiné awaké dhéwé ora éntuk nganggo patung wektu ngibadah.—Wacanen Yésaya 42:8.
Ibadahé awaké dhéwé kudu ”suci” lan ”pantes ditampa” Yéhuwah. (Roma 12:1) Kuwi artiné awaké dhéwé kudu manut préntahé, contoné pathokan soal perkawinan. Awaké dhéwé ya manut pathokan soal nganggo tembakau, nganggo narkoba, karo ngombé minuman keras.a
-