-
Nèk Mati Kuwi Piyé?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
2. Apa waé manfaaté nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati?
Akèh wong wedi mati lan wedi karo wong mati. Tapi nèk wis ngerti ajaran sing bener saka Alkitab, isa ora wedi manèh. Yésus ngomong, ”Apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yohanes 8:32) Ing Alkitab ora ana keterangan nèk arwahé wong mati isih gentayangan, nèk wong mati kuwi disiksa, utawa isa nyilakani awaké dhéwé, meskipun kuwi sing diajarké para pemimpin agama. Merga wong mati ora ngerti apa-apa, dadi ora perlu disajèni utawa didongakké.
Awaké dhéwé ora isa omong-omongan karo wong mati soalé ”wong mati ora ngerti apa-apa”. Hantu-hantu isa éthok-éthok dadi wong sing wis mati. Dadi nèk ana sing ngira isa omong-omongan karo wong mati, kuwi isa waé sakjané lagi omong-omongan karo hantu-hantu. Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé bèn ora dicilakani hantu-hantu. Makané Yéhuwah nglarang awaké dhéwé omong-omongan karo wong mati.—Wacanen Pangandharing Torèt 18:10-12.
-
-
Nèk Mati Kuwi Piyé?Bahagia Saklawasé—Pelajaran Alkitab
-
-
4. Ora wedi manèh karo wong mati
Nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati, awaké dhéwé dadi ora wedi karo wong mati. Wacanen Pengkhotbah 9:10, terus rembugen pertanyaan iki:
Apa wong mati isa nyilakani awaké dhéwé?
Nèk ngerti ajaran sing bener soal wong mati, awaké dhéwé dadi ngerti nèk wong mati ora perlu disajèni. Wacanen Yésaya 8:19 lan Wahyu 4:11, terus rembugen pertanyaan iki:
Menurut njenengan, piyé perasaané Yéhuwah nèk ana sing njaluk bantuané wong mati utawa nggawé acara kanggo menghormati wong mati?
Nèk ngerti ajaran sing bener, awaké dhéwé ora bakal mèlu perayaan kanggo wong mati merga Yéhuwah ora seneng
-