-
Ramalan soal Mésias—Wit Aras sing GedhéIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
4. Yéhuwah nglantik Yésus dadi raja ing Gunung Zion ing swarga
-
-
”Aku Bakal Nglantik Gembala”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
9 Ramalané apa? (Wacanen Yèhèzkièl 17:22-24.) Saiki sing njupuk tunas dudu manuk elang sing gedhé, tapi Yéhuwah dhéwé. Yéhuwah njupuk tunas sing isih enom ’saka pucuk wit aras sing dhuwur, terus ditandur ing gunung sing dhuwur banget’. Tunas kuwi bakal dadi ”wit aras sing gedhé”. Terus, ”kabèh jenis manuk” bakal manggon ing ranting lan godhongé. ”Kabèh wit ing ladhang” bakal ngerti nèk Yéhuwah sing nukulké tunas kuwi dadi wit aras sing gedhé.
10 Piyé ramalan kuwi kelakon? Yéhuwah nglantik Yésus, keturunané Daud (”wit aras sing dhuwur”), dadi Raja ing Gunung Zion ing swarga (”gunung sing dhuwur banget”). (Mzm. 2:6; Yér. 23:5; Why. 14:1) Senajan Yésus dianggep ”wong sing paling rendhah” karo mungsuhé, Yéhuwah bakal nggawé dhèwèké dadi ”raja kaya Daud nènèk moyangé”. (Dan. 4:17; Luk. 1:32, 33) Kaya wit aras sing gedhé, Yésus Kristus bakal dadi Raja ing swarga sing mréntah bumi lan mberkahi kabèh rakyaté. Yésus Kristus kuwi Pemimpin sing isa diendelké. Wektu Yésus dadi Raja, wong-wong sing manut ”bakal ngrasa aman lan ora wedi karo bencana apa waé”.—WB. 1:33.
-