-
Telu Ramalan soal MésiasIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
1. ”Wong sing Nduwé Hak sing Sah” (Yèhèzkièl 21:25-27)
WEKTU SING DITENTOKKÉ KANGGO BANGSA-BANGSA (607 SM–1914 M)
607 SM—Zédékia dilèngsèrké
1914 M—Yésus, ”sing nduwé hak sing sah” kanggo mréntah, dilantik dadi Raja lan Gembala
-
-
”Aku Bakal Nglantik Gembala”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
14 Piyé ramalan kuwi kelakon? Wektu Yérusalèm dihancurké Babilon taun 607 SM, kerajaan Yéhuda sing ”penting” direndhahké. Zédékia dilèngsèrké lan ditawan ing Babilon. Merga ora ana keturunané Daud sing mréntah ing Yérusalèm, para pemimpin ”biasa” saka bangsa-bangsa liya diunggulké lan nguwasani bumi. Tapi, kuwi mung sementara. Terus, ”wektu sing ditentokké kanggo bangsa-bangsa” rampung taun 1914 wektu Yéhuwah nglantik Yésus dadi Raja. (Luk. 21:24) Yésus kuwi keturunané Raja Daud sing ”nduwé hak sing sah” dadi Raja.b (PD. 49:10) Wektu nglantik Yésus, Yéhuwah nepati janjiné karo Daud nèk bakal ana keturunané sing mréntah nganti saklawasé.—Luk. 1:32, 33.
Yésus nduwé hak sing sah dadi Raja ing Kerajaané Gusti Allah (Deloken paragraf 15)
15. Ngapa kok awaké dhéwé isa bener-bener percaya karo Yésus sing dadi Raja?
15 Apa sing isa disinaoni? Awaké dhéwé isa bener-bener percaya karo Yésus Kristus sing dadi Raja. Lha ngapa? Merga Yéhuwah dhéwé sing milih Yésus dadi Raja. Yésus ya ’diwènèhi kerajaan’ merga dhèwèké sing nduwé hak sing sah kanggo mréntah. (Dan. 7:13, 14) Kuwi ora kaya pemimpin ing donya iki sing isa mréntah merga dipilih manungsa utawa ngrebut kekuasaané pemimpin sakdurungé. Dadi, mung Yésus Raja sing dipilih Yéhuwah sing bener-bener isa diendelké.
-