-
Mbakyu Adhi sing Dadi PelacurIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Mbakyu Adhi sing Dadi Pelacur
Ing Yèhèzkièl bab 23 dicritakké nèk Yéhuwah nesu karo umaté sing ora setya. Isiné bab iki mèh padha karo bab 16. Loro-loroné nyritakké perumpamaan soal mbakyu adhi sing dadi pelacur. Yérusalèm kuwi adhiné, terus Samaria kuwi mbakyuné. Ing rong bab kuwi dicritakké nèk mbakyuné dhisik sing dadi pelacur, terus adhiné mèlu-mèlu, malah luwih bejat. Ing bab 23, Yéhuwah ngandhani jenengé wong loro kuwi: Mbakyuné sing jenengé Ohola nggambarké Samaria, ibu kotané kerajaan Israèl sepuluh suku. Adhiné sing jenengé Oholiba nggambarké Yérusalèm, ibu kotané Yéhuda.a—Yèh. 23:1-4.
-
-
Mbakyu Adhi sing Dadi PelacurIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
a Ohola kuwi artiné ”Kémahé”. Kétoké, Israèl dijenengi kuwi merga wong-wong ing kono ngibadah ing kémah, utawa tempat ibadah, gawéané dhéwé, dudu ing baité Yéhuwah ing Yérusalèm. Nèk Oholiba artiné ”Kémah-Ku Ana ing Njeroné”. Jeneng kuwi cocog merga baité Yéhuwah ana ing Yérusalèm.
-