-
”Aku Mulai Éntuk Wahyu saka Gusti Allah”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
15. Yèhèzkièl mènèhi keterangan apa soal rodha-rodha kuwi?
15 Yèhèzkièl nggumun banget ndelok rodha-rodha sing gedhé kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Rodha-rodha kuwi dhuwur banget lan kétok luar biasa.” Bayangna Yèhèzkièl mungkin nganti ndhangak wektu ndelok rodha-rodha sing gedhé lan dhuwur banget kuwi. Yèhèzkièl ya ngomong nèk ”ing sak ubengé rodha kuwi kebak mripat”. Tapi, sing paling unik yaiku bentuké rodha-rodha kuwi. Dhèwèké ngomong, ”Ing saben rodha, ana rodha manèh.” Apa maksudé?
-
-
”Aku Mulai Éntuk Wahyu saka Gusti Allah”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
17 Rodha-rodha kuwi dhuwur banget. Dadi, wektu rodha-rodha kuwi muter pisan waé, jarak sing diliwati isa adoh banget. Yèhèzkièl ya ngomong nèk kréta kuwi mlakuné cepet banget kaya kilat. (Yèh. 1:14) Ora ana ahli mesin sing isa nggawé rodha sing rancangané kaya ngono. Kréta kuwi isa mlaku ing arah endi waé lan isa ménggok tanpa ngurangi kecepatané. Ning, ora berarti mlakuné kréta kuwi ora jelas arahé. Ing sak ubengé rodha-rodhané kebak mripat. Dadi, kréta kuwi isa ndelok ing arah endi waé lan ngerti kabèh sing ana ing sekitaré.
Rodha-rodhané gedhé banget lan mlakuné cepet banget (Deloken paragraf 17)
-