-
”Aku Bakal Nglantik Gembala”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
19 Ramalané apa? (Wacanen Yèhèzkièl 34:22-24.) Yéhuwah ”bakal nglantik gembala” sing disebut ”abdi-Ku Daud”. Ing ramalan kuwi mung ana ”gembala” utawa ’abdi’ siji, berarti pemimpin sing dijanjèkké kuwi bakal dadi siji-sijiné keturunané Daud sing mréntah saklawasé. Gembala kuwi bakal nyedhiakké panganan lan dadi ”pemimpiné” domba-dombané Gusti Allah. Yéhuwah bakal ”nggawé perjanjian damai” karo umaté. ”Berkah bakal diesokké kaya udan” lan wong-wong kuwi bakal ngrasa aman, urip makmur, lan bahagia. Wong-wong bakal urip rukun, ora mung karo wong liyané ning ya karo kéwan.—Yèh. 34:25-28.

21 Piyé omongané Yèhèzkièl soal ”perjanjian damai” lan berkah sing ”diesokké kaya udan” bakal kelakon? Ing donya anyar, umaté Yéhuwah bakal ngrasakké manfaaté ”perjanjian damai”. Wektu bumi dadi firdaus, wong-wong ora bakal susah merga perang, kejahatan, kelaparan, penyakit, utawa kéwan buas. (Yés. 11:6-9; 35:5, 6; 65:21-23) Njenengan mesthi seneng ta nèk isa urip saklawasé ing bumi firdaus? Wektu kuwi, domba-dombané Gusti Allah ”bakal manggon aman lan ora ana sing bakal nggawé wedi”.—Yèh. 34:28.
-