PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Kowé Bakal Urip Manèh”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • ”Balung-Balung Kuwi Mulai Nglumpuk Dadi Siji”

      10. (a) Ana ramalan apa ing Yèhèzkièl 37:7, 8? (b) Ngapa kok para tawanan sing manut karo Gusti Allah akhiré yakin nèk wong-wong kuwi bakal bali ing Israèl?

      10 Pas jamané Yèhèzkièl, Yéhuwah wis ngramalké nèk umaté suwé-suwé bakal ”urip manèh”, utawa dipulihké. (Yèh. 37:7, 8) Ngapa kok para tawanan sing manut karo Gusti Allah akhiré yakin nèk wong-wong kuwi bakal bali ing Israèl? Wong-wong kuwi yakin merga ana ramalan-ramalan sing tau disampèkké para nabi. Misalé, Yésaya ngramalké nèk ”keturunan sing suci”, maksudé beberapa tawanan, bakal bali ing Israèl. (Yés. 6:13; Ayb. 14:7-9) Ramalan-ramalané Yèhèzkièl soal keadaan sing dipulihké mesthi ya nggawé wong-wong kuwi nduwé harapan. Harapané wong-wong kuwi tambah kuwat merga ana wong-wong sing setya ing Babilon, misalé Nabi Danièl. Sakliyané kuwi, merga Babilon dihancurké taun 539 SM, para tawanan dadi tambah yakin nèk wong-wong kuwi bakal bali ing Israèl.

      Gambar: 1. Charles T. Russell maca Alkitab. 2. Charles T. Russell karo kanca-kancané.

      KOTHAK INFORMASI 10A: Ibadah marang Yéhuwah Suwé-Suwé Dadi Murni Manèh

      11, 12. (a) Apa buktiné nèk ”Israèl duwèké Gusti Allah” suwé-suwé dipulihké? (Deloken kothak ”Ibadah marang Yéhuwah Suwé-Suwé Dadi Murni Manèh”.) (b) Sakwisé maca Yèhèzkièl 37:10, pertanyaan apa sing isa dipikirké?

      11 ”Israèl duwèké Gusti Allah”, utawa wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga, suwé-suwé ya dipulihké. Apa buktiné? Atusan taun sakwisé ditawan lan keadaané kaya wong mati, wong-wong sing manut karo Gusti Allah mulai nggawé ibadah marang Gusti Allah dadi murni manèh. Kuwi kaya ”swara pating klothak” ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl. Contoné, taun 1500-an, William Tyndale nerjemahké Alkitab ing basa Inggris. Kuwi nggawé para pemimpin Gréja Katolik Roma nesu merga Alkitab isa diwaca rakyat biasa. Akhiré, Tyndale dipatèni. Tapi, isih ana wong-wong sing kendel nerjemahké Alkitab ing basa-basa liyané. Hasilé, Alkitab isa diwaca akèh wong.

  • Ibadah marang Yéhuwah Suwé-Suwé Dadi Murni Manèh
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
      • William Tyndale nerjemahké Alkitab.

        ”Swara pating klothak”

        William Tyndale karo wong-wong liyané nerjemahké Alkitab ing basa Inggris lan basa liyané

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim