-
”Kowé Bakal Urip Manèh”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
9. Wong Israèl mbiyèn karo ”Israèl duwèké Gusti Allah” padha-padha ngalami apa?
9 Ramalané Yèhèzkièl soal wong Israèl kuwi kelakon manèh. (Kis. 3:21) Wong Israèl mbiyèn keadaané kaya wong sing wis mati suwé banget merga ”dipatèni”. ”Israèl duwèké Gusti Allah”, yaiku wong Kristen sing dipilih munggah swarga, keadaané ya kaya ngono. (Gal. 6:16) Wong-wong kuwi kaya wong sing dipatèni merga ditawan agama palsu nganti suwé banget. Akibaté, wong-wong kuwi dadi adoh saka Gusti Allah lan keadaané kaya balung sing ”garing banget”. (Yèh. 37:2) Kaya sing wis dibahas ing bab sakdurungé, wong Kristen sing dipilih munggah swarga mulai ditawan sakwisé taun 100 M. Wong-wong kuwi ditawan nganti atusan taun, kaya sing dijelaské ing perumpamaané Yésus soal gandum lan alang-alang.—Mat. 13:24-30.
Balung-balung sing ”garing banget” nggambarké wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga sing ditawan nganti suwé banget. Keadaané wong-wong kuwi kaya wong sing dipatèni (Deloken paragraf 8, 9)
-
-
”Kowé Bakal Urip Manèh”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
a Sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu balung-balungé wong sing mati merga lara utawa wis tuwa, tapi kuwi balung-balungé ”wong-wong sing dipatèni”. (Yèh. 37:9) Keadaané ”kabèh wong Israèl” kaya wong sing dipatèni merga kerajaan Israèl sepuluh suku lan kerajaan Yéhuda loro suku dikalahké, terus penduduké ditawan ing Asiria lan Babilon. Kuwi nduduhké nèk hubungané wong Israèl karo Yéhuwah rusak.
-