PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Wong-Wong Kuwi Bakal Tak Dadèkké Sak Bangsa”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 4. Yèhèzkièl njelaské apa wektu nggabungké tongkat loro kuwi? (Deloken gambar ing awal bab.)

      4 Terus, Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl nggabungké tongkat loro kuwi ”bèn loro-loroné dadi tongkat siji”. Merga kuwatir, wong-wong Yahudi sing ditawan ngomong karo Yèhèzkièl, ”Tulung jelasna apa maksudé kabèh kuwi.” Yèhèzkièl njelaské nèk saka peragaan kuwi, wong-wong kuwi isa ngerti Yéhuwah bakal ngapa. Yéhuwah ngomong, ”Tongkat loro kuwi bakal Tak dadèkké siji bèn loro-loroné dadi tongkat siji ing tangan-Ku.”​—Yèh. 37:17-19.

      5. Apa artiné peragaané Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Tongkat Loro Didadèkké Siji”.)

      5 Terus, Yéhuwah njelaské artiné tongkat loro sing didadèkké siji kuwi. (Wacanen Yèhèzkièl 37:21, 22.) Para tawanan saka kerajaan Yéhuda loro suku lan saka kerajaan Israèl (Éfraim) sepuluh suku bakal digawa ing tanah Israèl lan didadèkké ”sak bangsa”.​—Yér. 30:1-3; 31:2-9; 33:7.

  • Tongkat Loro Didadèkké Siji
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • Yèhèzkièl nyekel tongkat loro nganggo tangan siji.

      ”loro-loroné dadi tongkat siji ing tanganmu”

      JAMAN MBIYÈN

      Taun 537 SM, umaté Gusti Allah bali saka bangsa-bangsa, mbangun manèh Yérusalèm, dadi sak bangsa, lan bareng-bareng nyembah Gusti Allah.

      JAMAN SAIKI

      Sejak 1919, umaté Gusti Allah diatur manèh lan nglayani Gusti Allah dadi ”sak kelompok”.

      Tujuané ramalan iki kanggo nggambarké persatuan

      Ramalan iki ora nyritakké soal tongkat siji sing ditugel dadi loro terus didadèkké siji manèh. Tapi, ramalan iki nyritakké soal tongkat loro sing didadèkké siji. Dadi, ramalan iki ora mbahas soal piyé bangsa Israèl dadi loro kerajaan. Tapi, ramalan iki mbahas piyé loro kerajaan kuwi dadi siji.

      Balik ing bab 12, paragraf 3-6, 13, 14

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim