-
”Wong-Wong Kuwi Bakal Tak Dadèkké Sak Bangsa”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
5. Apa artiné peragaané Yèhèzkièl? (Deloken kothak ”Tongkat Loro Didadèkké Siji”.)
5 Terus, Yéhuwah njelaské artiné tongkat loro sing didadèkké siji kuwi. (Wacanen Yèhèzkièl 37:21, 22.) Para tawanan saka kerajaan Yéhuda loro suku lan saka kerajaan Israèl (Éfraim) sepuluh suku bakal digawa ing tanah Israèl lan didadèkké ”sak bangsa”.—Yér. 30:1-3; 31:2-9; 33:7.
-
-
”Wong-Wong Kuwi Bakal Tak Dadèkké Sak Bangsa”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
7. Kok isa 1 Babad 9:2, 3 mbuktèkké nèk ”kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil”?
7 Kanggoné manungsa, wong-wong sing ditawan kuwi ora mungkin isa dibébaské lan bersatu.a Tapi, ”kanggoné Gusti Allah ora ana sing mustahil”. (Mat. 19:26) Ramalané Yéhuwah mesthi kelakon. Wong Yahudi dibébaské saka Babilon taun 537 SM. Bar kuwi, beberapa wong saka kerajaan sepuluh suku lan loro suku bali ing Yérusalèm lan nggawé ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh. Alkitab ngomong, ’Sebagéan keturunané Yéhuda, keturunané Bènyamin, keturunané Éfraim, lan keturunané Manasyé manggon ing Yérusalèm.’ (1 Bb. 9:2, 3; Ézr. 6:17) Kaya sing diramalké Yéhuwah, wong-wong saka kerajaan Israèl sepuluh suku lan saka kerajaan Yéhuda loro suku akhiré bersatu.
8. (a) Apa sing diramalké Yésaya? (b) Ana loro keterangan penting apa ing Yèhèzkièl 37:21?
8 Kira-kira 200 taun sakdurungé wong Yéhuda lan wong Israèl dibébaské saka Babilon, Nabi Yésaya wis ngramalké apa sing bakal dialami wong-wong kuwi sakwisé dibébaské. Yésaya ngramalké nèk Yéhuwah bakal ngumpulké ”wong Israèl sing mencar-mencar” lan ”wong Yéhuda sing mencar-mencar ing bumi”, termasuk wong sing dibébaské ”saka Asiria”. (Yés. 11:12, 13, 16) Kuwi cocog karo omongané Yéhuwah iki, ”Aku bakal nggawa wong Israèl saka antarané bangsa-bangsa.” (Yèh. 37:21) Ana loro keterangan sing penting. Pertama, Yéhuwah nyebutké mung ana sak kelompok, yaiku ”wong Israèl”, ora disebut wong ”Yéhuda” lan wong ”Éfraim” manèh. Keloro, Yéhuwah ngomong nèk wong-wong kuwi teka saka bangsa-bangsa lan ”saka ngendi-endi”, ora mung saka Babilon.
-