-
”Hé Gog, . . . Aku Bakal Nglawan Kowé”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
”Tanah” Apa sing Bakal Diserang?
11. Apa sing disebutké Yèhèzkièl soal ”tanah” sing bakal diserang Gog?
11 Ing paragraf 3 dicritakké nèk Gog saka Magog nyerang tanah sing dianggep berharga karo Yéhuwah. Mula, Yéhuwah nesu banget. Tanah apa kuwi? Ayo didelok manèh ramalané Yèhèzkièl. (Wacanen Yèhèzkièl 38:8-12.) Yèhèzkièl nyebutké nèk Gog bakal ”nyerang tanah sing penduduké wis digawa bali” lan ”diklumpukké saka akèh bangsa”. Wong-wong ing tanah kuwi ngrasa ”aman”, manggon ing panggonan sing ”ora dilindhungi karo témbok, palang, utawa gerbang”, lan ”nglumpukké kekayaan”. Tanah iki dienggoni karo umaté Yéhuwah sak donya. Saka ngendi awaké dhéwé ngerti?
12. Apa sing kelakon ing Israèl mbiyèn?
12 Pertama-tama, ayo dibahas dhisik apa sing kelakon ing Israèl mbiyèn. Mauné umaté Yéhuwah manggon, kerja, lan ngibadah ing Israèl. Terus, wong-wong kuwi dadi ora setya. Mula, Yéhuwah ngomong liwat Yèhèzkièl nèk Israèl bakal dadi tanah sing gersang lan telantar. (Yèh. 33:27-29) Tapi, Yéhuwah ya ngramalké nèk wong-wong sing mertobat bakal bali saka Babilon lan ngibadah manèh marang Yéhuwah ing tanah Israèl. Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong kuwi, lan tanah Israèl bakal dadi subur ”kaya Taman Èden”. (Yèh. 36:34-36) Kuwi kelakon taun 537 SM, wektu wong Yahudi bali ing Yérusalèm lan ngibadah manèh marang Yéhuwah ing kono.
13, 14. (a) Sing dimaksud ”tanah” kuwi apa? (b) Kenapa ”tanah” kuwi dianggep berharga karo Yéhuwah?
13 Umaté Yéhuwah jaman saiki ya ngalami kaya ngono. Kaya sing dibahas ing Bab 9 buku iki, Yéhuwah mbébaské umaté saka Babilon Gedhé taun 1919. Sejak kuwi, umaté Yéhuwah manggon ing ”tanah”, yaiku firdaus rohani. Kuwi maksudé umaté Yéhuwah isa ngrasa ayem lan aman, merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah bareng karo wong-wong liyané sing padha-padha nyembah Yéhuwah. (WB. 1:33) Ing ”tanah” kuwi, awaké dhéwé isa sinau akèh soal Alkitab lan nduwé gawéan sing nyenengké, yaiku martakké Kerajaané Gusti Allah. Awaké dhéwé isa bener-bener ngrasakké ”berkahé Yéhuwah sing nggawé wong dadi sugih, lan berkahé ora nyebabké wong dadi susah”. (WB. 10:22) Umaté Yéhuwah pancèn ana ing endi-endi. Tapi, awaké dhéwé sakjané padha-padha lagi manggon ing ”tanah”, utawa firdaus rohani. Sing penting awaké dhéwé terus ndhukung ibadah sing murni, lan kuwi kudu kétok saka omongan lan tumindaké awaké dhéwé.
14 ”Tanah” kuwi dianggep berharga karo Yéhuwah. Kenapa? Merga sing manggon ing kono kuwi ”harta sing berharga saka kabèh bangsa”, yaiku wong-wong sing ditarik Yéhuwah bèn dadi umaté. (Hag. 2:7; Yoh. 6:44) Wong-wong kuwi ngupaya bèn nduwé kepribadian sing anyar, utawa niru sipat-sipaté Yéhuwah. (Éf. 4:23, 24; 5:1, 2) Wong-wong kuwi ya semangat nglayani Yéhuwah merga péngin ngluhurké Yéhuwah lan mbuktèkké rasa sayangé marang Yéhuwah. (Rm. 12:1, 2; 1 Yoh. 5:3) Yéhuwah mesthi seneng banget, merga apa sing dilakoni wong-wong kuwi isa nggawé firdaus rohani dadi tambah apik. Dadi, nèk awaké dhéwé ngutamakké ibadah sing murni, kuwi isa nggawé firdaus rohani dadi tambah apik lan nyenengké atiné Yéhuwah.—WB. 27:11.
Senajan ana ing endi-endi, umaté Yéhuwah padha-padha lagi manggon ing firdaus rohani nèk terus ndhukung ibadah sing murni (Deloken paragraf 13, 14)
-
-
”Hé Gog, . . . Aku Bakal Nglawan Kowé”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
16 Kapan Gog saka Magog nyerang firdaus rohani? Yèhèzkièl ngramalké nèk Gog bakal nyerang umaté Yéhuwah ”ing akhir taun-taun kuwi”, maksudé pas donya iki arep disingkirké. (Yèh. 38:8) Awaké dhéwé wis ngerti nèk sengsara gedhé bakal dimulai pas Babilon Gedhé, utawa agama palsu sak donya, dihancurké. Dadi, Gog bakal nyerang umaté Yéhuwah sakwisé agama palsu dihancurké lan sakdurungé Armagédon dimulai.
-