PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Hé Gog, . . . Aku Bakal Nglawan Kowé”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 19. Kenapa Gog péngin nyerang ibadah sing murni?

      19 Kepénginané Gog dhéwé. Bangsa-bangsa kèt mbiyèn sengit karo umaté Yéhuwah. Mula, bangsa-bangsa bakal ”nggawé rencana jahat” kanggo nyerang umaté Yéhuwah. Dipikiré umaté Yéhuwah kuwi gampang diserang, merga kaya ”manggon ing désa-désa sing ora dilindhungi karo témbok, palang, utawa gerbang”. Bangsa-bangsa ya bakal ”njupuk akèh jarahan” saka ”umat sing nglumpukké kekayaan”. (Yèh. 38:10-12) ”Kekayaan” apa? Kuwi maksudé harta sing dianggep paling berharga karo umaté Yéhuwah, yaiku ibadah sing murni marang Yéhuwah. Bangsa-bangsa arep njarah ora merga nganggep kuwi berharga, ning merga ora seneng karo ibadah sing murni lan sengit karo wong-wong sing nyembah Yéhuwah.

      Para pemimpin lan komandan militèr lagi rembugan arep nyingkirké ibadah sing murni. Wong-wong kuwi ndeloki wacan-wacan saka organisasi, télpon-télponan, lan ngawasi kegiatané awaké dhéwé.

      Gog bakal ”nggawé rencana jahat” kanggo nyingkirké ibadah sing murni, tapi rencanané mesthi gagal (Deloken paragraf 19)

  • ”Hé Gog, . . . Aku Bakal Nglawan Kowé”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim