-
”Iki Hukum soal Bait”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Apa Manfaaté Wahyu Kuwi kanggo Awaké Dhéwé?
13, 14. (a) Saka ngendi awaké dhéwé ngerti nèk wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl ya kelakon ing jamané awaké dhéwé? (b) Wahyu soal bait kuwi manfaaté apa waé kanggo awaké dhéwé? (Deloken kothak 13A, ”Bait Loro, Bédané Apa lan Artiné Apa”.)
13 Apa wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl iki ya kelakon ing jamané awaké dhéwé? Ya. Kaya sing mau wis dibahas, bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing ”gunung sing dhuwur banget”. Nah, kuwi mèh padha karo ramalané Yésaya sing njelaské nèk ”gunung panggonané omahé Yéhuwah bakal tetep kuwat lan luwih dhuwur timbang gunung liyané”. Terus, Yésaya ya nyebutké nèk ramalané kuwi bakal kelakon ”ing dina-dina terakhir”. (Yèh. 40:2; Yés. 2:2-4; deloken Mikha 4:1-4.) Dadi, kaya ramalané Yésaya, wahyu sing didelok Yèhèzkièl ya kelakon ing dina-dina terakhir. Kuwi kelakon kèt taun 1919 pas ibadah marang Yéhuwah mulai dadi murni manèh lan diluhurké, kaya-kaya didèlèhké ing gunung sing dhuwur.b
14 Dadi, wahyu soal bait sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya kelakon ing jamané awaké dhéwé. Kaya wong-wong Yahudi mbiyèn, awaké dhéwé saiki ya isa éntuk manfaat saka wahyu kuwi. Manfaaté apa waé? (1) Awaké dhéwé dadi ngerti piyé carané ngetrapké pathokan-pathokan soal ibadah sing murni. (2) Awaké dhéwé dadi isa yakin nèk ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh lan Yéhuwah bakal mberkahi wong-wong sing terus nindakké ibadah sing murni.
-
-
Sing Isa Dipelajari saka Wahyu soal BaitIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Ibadah marang Yéhuwah Diluhurké lan Dijaga Tetep Murni
Bait sing didelok Yèhèzkièl ana ing ”gunung sing dhuwur banget” (nomer 1). Apa awaké dhéwé ya wis ngluhurké utawa ngutamakké ibadah sing murni?
-