-
”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
1, 2. Kaya sing dicritakké ing Yèhèzkièl 47:1-12, apa waé sing didelok Yèhèzkièl? (Deloken gambar ing awal bab.)
PAS éntuk wahyu soal bait, Yèhèzkièl ndelok ana kali sing banyuné mili saka bait. Bayangna Yèhèzkièl dijak malaékat mlaku-mlaku turut kali sing banyuné bening banget. (Wacanen Yèhèzkièl 47:1-12.) Kali kuwi banyuné mili saka ngisor lawang bait, lan bar kuwi metu liwat gerbang sing madhep ngétan. Terus, malaékat kuwi nggawa tali kanggo ngukur kaliné lan bola-bali ngongkon Yèhèzkièl mlaku ing kali kuwi. Ternyata kaliné saya suwé saya jero lan deres banget, nganti Yèhèzkièl kudu renang bèn isa ngliwati kali kuwi.
-
-
”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
4. (a) Berkah apa waé sing isa ditampa wong-wong Yahudi? (b) Saka ayat-ayat sing nyebutké soal ”kali” lan ”banyu”, apa sing isa dipelajari soal carané Yéhuwah mberkahi umaté? Terangna. (Deloken kothak ”Kali-Kali sing Nggawa Berkah saka Yéhuwah”.)
4 Kali sing nggawa berkah. Ing Alkitab, kali lan banyu kerep dienggo nggambarké berkah saka Yéhuwah. Kali sing didelok Yèhèzkièl mau mili saka bait. Dadi, kuwi mesthi nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah sing isa ditampa umaté nèk terus nindakké ibadah sing murni. Berkahé apa waé? Wong-wong kuwi isa diwulang manèh karo para imam. Dosa-dosané wong-wong kuwi ya isa diapura merga persembahané ing bait ditampa manèh karo Yéhuwah. (Yèh. 44:15, 23; 45:17) Dadi, wong-wong kuwi kaya dikumbah nganti resik nganggo banyu saka bait.
-