PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 10, 11. (a) Banyu sing mili saka baité Yéhuwah kuwi nggambarké berkah apa waé? (b) Apa buktiné nèk berkah-berkahé Yéhuwah saya suwé saya akèh pas akhir jaman?

      10 Kali sing nggawa berkah. Banyu sing mili saka baité Yéhuwah kuwi nggambarké berkah apa waé? Kuwi nggambarké berkah-berkah saka Yéhuwah sing isa mbantu awaké dhéwé tetep cedhak karo Yéhuwah lan kuwat imané. Berkah sing paling gedhé yaiku korban tebusané Yésus. Merga ana korban tebusan, dosa-dosané awaké dhéwé isa diapura lan awaké dhéwé isa dadi resik. Sakliyané kuwi, kabèh sing dipelajari awaké dhéwé saka Alkitab ya isa dipadhakké kaya banyu sing marahi urip lan nggawé resik. (Éf. 5:25-27) Apa buktiné nèk berkah-berkahé Yéhuwah saya suwé saya akèh pas akhir jaman?

  • Kali sing Banyuné Saya Deres
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • Kali sing Banyuné Saya Deres

      Yèhèzkièl mlaku turut kali sing banyuné mili saka baité Yéhuwah. Kali kuwi saben rong kilomèter dadi saya jero lan saya deres. Terus, ing pinggir kali kuwi, ana wit-witan sing buahé akèh lan godhongé isa dienggo obat. Kuwi kabèh artiné apa?

      Kali sing mili saka baité Yéhuwah banyuné dadi saya deres. Tandha sing nduduhké jeroné kali. 1.000 hasta: sak pergelangan sikil. 2.000 hasta: sak dhengkul. 3.000 hasta: sak pinggang. 4.000 hasta: jero banget.

      Kali sing Nggawa Berkah

      JAMAN MBIYÈN: Wong-wong sing dibébaské saka penawanan diberkahi Yéhuwah merga nindakké ibadah sing murni manèh ing baité Yéhuwah

      AKHIR JAMAN: Ing taun 1919, ibadah marang Yéhuwah dadi murni manèh. Sejak kuwi, Yéhuwah terus mberkahi umaté nganggo keterangan-keterangan saka Alkitab sing isa nguwatké iman

      MASA DEPAN: Sakwisé Armagédon, Yéhuwah bakal mberkahi umaté, misalé nggawé manungsa dadi sampurna lan mènèhi keterangan-keterangan sing anyar

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim