-
”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
11 Taun 1919, umaté Yéhuwah jumlahé mung pirang èwu thok. Wong-wong kuwi isa sinau Alkitab lan éntuk keterangan-keterangan sing nguwatké iman. Saya suwé umaté Yéhuwah jumlahé saya akèh, nganti saiki jumlahé wis luwih saka wolung yuta. Apa Yéhuwah ya isa nyedhiakké keterangan-keterangan saka Alkitab sing cukup kanggo wong semono akèhé? Ya, isa. Satus taun iki, organisasiné Yéhuwah wis nyedhiakké Alkitab, buku, majalah, lan selebaran sing jumlahé milyaran. Kaya kali sing didelok Yèhèzkièl sing banyuné saya suwé saya deres, keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah saya suwé ya saya akèh. Dadi, kabèh sing péngin kenal Gusti Allah isa sinau lan cedhak karo Dhèwèké. Sing disedhiakké ora mung wacan-wacan sing dicétak, ning sing vèrsi digital saiki ya wis ana ing situs wèb jw.org lan basané wis luwih saka 1.000. Terus, manfaaté apa kanggo wong-wong sing tulus atiné?
-