PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 2 Yèhèzkièl ndelok kali mau mili tekan Laut Mati, sing banyuné sakjané asin banget lan ora ana sing isa urip ing kono. Ning, wektu banyuné kali mau tekan Laut Mati, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Terus, ing pinggir kali kuwi, ana wit-witan akèh banget. Wit-witané ana macem-macem. Saben sasi, wit-witan kuwi ngetokké buah lan godhongé ya isa dienggo obat. Bar ndelok kuwi kabèh, Yèhèzkièl mesthi dadi ayem lan nduwé harapan. Saiki, awaké dhéwé arep mbahas piyé wahyu kuwi kelakon ing jamané Yèhèzkièl lan ing jamané awaké dhéwé.

  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 6. (a) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin soal apa? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

      6 Banyu sing marahi urip. Kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngalir tekan Laut Mati. Hasilé, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Iwaké ana akèh banget lan jenisé ya akèh kaya sing ana ing Laut Besar, utawa sing disebut Laut Tengah. Saking akèhé, ing pesisir Laut Mati kuwi nganti ana bisnis perikanan sing gedhé banget. Malaékat sing ngejak Yèhèzkièl mau kandha, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Tapi, apa kuwi berarti sak Laut Mati kena banyu saka kali kuwi kabèh? Ora. Malaékat kuwi njelaské nèk ana beberapa dhaérah berlumpur sing ora kena banyu saka kali kuwi lan ”bakal tetep asin”.b (Yèh. 47:8-11) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin nèk wong-wong sing nindakké ibadah sing murni uripé bakal nyenengké merga diberkahi Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ora kabèh wong gelem nindakké ibadah sing murni. Dadi, wong-wong kuwi akhiré ora diberkahi Yéhuwah.

  • Kali sing Banyuné Saya Deres
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • Banyu sing Marahi Urip

      JAMAN MBIYÈN: Yéhuwah mberkahi umaté sing setya. Wong-wong kuwi jumlahé dadi saya akèh lan isa ngrasakké urip sing nyenengké merga isa nindakké ibadah sing murni manèh

      AKHIR JAMAN: Umaté Yéhuwah diberkahi, mula jumlahé dadi saya akèh. Wong-wong kuwi ya isa ngrasakké urip sing nyenengké merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah nganggo cara sing bener

      MASA DEPAN: Wong-wong sing slamet ngliwati Armagédon bakal ngrasakké berkahé Yéhuwah sing akèh banget bareng karo wong-wong sing diuripké manèh

  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 12. (a) Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah kuwi manfaaté apa waé? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

      12 Banyu sing marahi urip. Yèhèzkièl dikandhani, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah bermanfaat kanggo wong-wong ing firdaus rohani. Wong-wong kuwi uripé dadi luwih nyenengké lan isa cedhak karo Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ana wong-wong sing ora gelem ngetrapké sing wis dipelajari saka Alkitab lan akhiré ora setya karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya dhaérah rawa lan berlumpur ing Laut Mati sing didelok Yèhèzkièl.c Muga-muga awaké dhéwé aja nganti dadi kaya ngono.​—Wacanen Pangandharing Torèt 10:16-18.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim