PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 6. (a) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin soal apa? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

      6 Banyu sing marahi urip. Kali sing didelok Yèhèzkièl kuwi ngalir tekan Laut Mati. Hasilé, banyuné laut dadi seger lan iwak-iwak isa urip ing kono. Iwaké ana akèh banget lan jenisé ya akèh kaya sing ana ing Laut Besar, utawa sing disebut Laut Tengah. Saking akèhé, ing pesisir Laut Mati kuwi nganti ana bisnis perikanan sing gedhé banget. Malaékat sing ngejak Yèhèzkièl mau kandha, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Tapi, apa kuwi berarti sak Laut Mati kena banyu saka kali kuwi kabèh? Ora. Malaékat kuwi njelaské nèk ana beberapa dhaérah berlumpur sing ora kena banyu saka kali kuwi lan ”bakal tetep asin”.b (Yèh. 47:8-11) Saka wahyu kuwi, umaté Yéhuwah isa yakin nèk wong-wong sing nindakké ibadah sing murni uripé bakal nyenengké merga diberkahi Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ora kabèh wong gelem nindakké ibadah sing murni. Dadi, wong-wong kuwi akhiré ora diberkahi Yéhuwah.

  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • b Ana beberapa ahli sing ngomong nèk ungkapan iki artiné apik, soalé wong-wong ing sekitaré Laut Mati kèt mbiyèn mémang akèh sing ngedol uyah, sing biasané dienggo ngawètké. Tapi, Alkitab ngomong nèk dhaérah sing berlumpur kuwi bakal tetep asin merga banyu kali saka baité Yéhuwah ora tekan kono. Mula, ora ana makhluk hidup sing isa urip ing kono. Dadi, ungkapan ”bakal tetep asin” kuwi mesthiné artiné ora apik.​—Mzm. 107:33, 34; Yér. 17:6.

      c Iki mèh padha karo perumpamaané Yésus soal jala. Ing kono dicritakké nèk iwak sing kejaring ana akèh, tapi ora kabèh ”apik”. Iwak sing èlèk kudu dibuwangi. Dadi, akèh sing mauné gelem sinau Alkitab, tapi akhiré ora gelem dadi umaté Yéhuwah, utawa mauné gelem dadi umaté Yéhuwah, tapi akhiré ora setya.​—Mat. 13:47-50; 2 Tim. 2:20, 21.

    • 12. (a) Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah kuwi manfaaté apa waé? (b) Apa sing kudu digatèkké? (Deloken cathetan ngisor.)

      12 Banyu sing marahi urip. Yèhèzkièl dikandhani, ”Ing panggonan ngendi waé kali kuwi mili, kabèh bakal urip.” Keterangan-keterangan saka Alkitab sing disedhiakké organisasiné Yéhuwah bermanfaat kanggo wong-wong ing firdaus rohani. Wong-wong kuwi uripé dadi luwih nyenengké lan isa cedhak karo Yéhuwah. Tapi, ana sing kudu digatèkké: Ana wong-wong sing ora gelem ngetrapké sing wis dipelajari saka Alkitab lan akhiré ora setya karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi isa dipadhakké kaya dhaérah rawa lan berlumpur ing Laut Mati sing didelok Yèhèzkièl.c Muga-muga awaké dhéwé aja nganti dadi kaya ngono.​—Wacanen Pangandharing Torèt 10:16-18.

  • ”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 14, 15. (a) Awaké dhéwé isa dadi kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur nèk awaké dhéwé ngapa? (b) Piyé carané bèn awaké dhéwé isa terus diberkahi karo Yéhuwah?

      14 Awaké dhéwé mesthi ora péngin dadi kaya dhaérah-dhaérah sing berlumpur lan tetep asin. Awaké dhéwé isa dadi kaya ngono nèk ora nampa berkah-berkah saka Yéhuwah. Aja nganti awaké dhéwé dadi kaya wong-wong sing ora cedhak karo Yéhuwah lan uripé ora nggenah. (Mat. 13:15) Terus, bèn isa diberkahi Yéhuwah awaké dhéwé kudu piyé? Awaké dhéwé kudu seneng sinau Alkitab lan sregep nginjil. Awaké dhéwé ya kudu manut arahané para pinituwa sing wis dilatih karo budhak sing setya lan wicaksana. Hasilé, awaké dhéwé isa nampa berkah-berkah saka Yéhuwah, sing dipadhakké kaya kali sing didelok Yèhèzkièl mau.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim