-
”Ing Panggonan Ngendi Waé Kali Kuwi Mili, Kabèh Bakal Urip”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
7. Wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi artiné apa kanggo wong-wong Israèl jamané Yèhèzkièl?
7 Wit sing buahé isa dipangan lan godhongé isa dienggo obat. Pemandangan ing pinggir kali kuwi mesthi apik banget merga akèh wit-witané. Yèhèzkièl lan wong-wong Yahudi liyané mesthi seneng nèk mbayangké ana wit-witan sing kaya ngono, sing ngetokké buah-buahan saben sasi. Tapi, wit-witan sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya ana artiné. Kuwi nggambarké nèk Yéhuwah bakal mulang umaté. Terus, Yèhèzkièl nulis nèk godhongé isa ”dadi obat”. (Yèh. 47:12) Yéhuwah ngerti nèk wong-wong sing bar dibébaské saka penawanan kuwi butuh ”obat”, maksudé butuh dibantu bèn isa ngibadah manèh marang Yéhuwah. Mula, Yéhuwah janji bakal mènèhi ”obat”, utawa mbantu wong-wong kuwi, kaya sing dijelaské ing ramalan-ramalan liya sing dibahas ing Bab 9 buku iki.
-
-
Kali sing Banyuné Saya DeresIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Wit sing Buahé Isa Dipangan lan Godhongé Isa Dienggo Obat
JAMAN MBIYÈN: Yéhuwah mulang wong-wong sing bar dibébaské saka penawanan lan mbantu wong-wong kuwi bèn ora nindakké ibadah sing palsu manèh
AKHIR JAMAN: Wong-wong saiki akèh sing ora isa cedhak karo Gusti Allah lan uripé ora nggenah. Tapi, umaté Yéhuwah isa éntuk keterangan-keterangan saka Alkitab lan dibantu bèn tetep setya karo Yéhuwah
MASA DEPAN: Wong-wong sing gelem manut bakal dibantu karo Yésus lan 144.000 bèn isa dadi sampurna lan urip saklawasé
-