PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • ”Dhaérah sing Kudu Dibagi-bagi Dadi Tanah Warisan”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • ”Tanah Iki . . . Bakal Tak Bagi-Bagi marang Kowé Dadi Warisan”

      5, 6. (a) ”Dhaérah” apa sing kudu dibagi-bagi? (Deloken gambar ing awal bab.) (b) Kenapa Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing dibagi-bagi kuwi?

      5 Wacanen Yèhèzkièl 47:14. Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing bakal dadi kaya ”Taman Èden”. (Yèh. 36:35) Terus Yéhuwah ngomong, ”Iki dhaérah sing kudu mbok bagi-bagi dadi tanah warisané 12 suku Israèl.” (Yèh. 47:13) ”Dhaérah” sing dimaksud yaiku tanah Israèl sing bakal dienggoni manèh karo wong-wong sing dibébaské saka penawanan. Terus, kaya sing ditulis ing Yèhèzkièl 47:15-21, Yéhuwah njelaské batas-batasé tanah kuwi.

      6 Kenapa Yéhuwah nduduhi Yèhèzkièl tanah sing dibagi-bagi kuwi? Yéhuwah péngin Yèhèzkièl lan wong-wong sing lagi ditawan yakin nèk tanah Israèl bakalé bener-bener isa dienggoni manèh. Wong-wong kuwi mesthi ngrasa dikuwatké wektu dijelaské soal batas-batasé tanah Israèl nganti rinci. Apa wong-wong kuwi akhiré bener-bener éntuk warisan tanah? Ya.

      Tanah sing arep dibagi-bagi, lan ana kali sing banyuné mili tekan laut.

      7. (a) Apa sing kelakon taun 537 SM, lan peristiwa kuwi mirip karo apa? (b) Pertanyaan apa sing arep dibahas dhisik?

      7 Taun 537 SM, kira-kira 56 taun sakwisé Yèhèzkièl nampa wahyu kuwi, ana éwonan wong sing mauné dadi tawanan bali ing tanah Israèl lan manggon ing kono. Wong-wong kuwi éntuk warisan tanah. Kuwi mirip karo sing dialami umaté Yéhuwah ing akhir jaman. Maksudé apa? Umaté Yéhuwah ing akhir jaman ya isa mlebu lan manggon ing tanah sing dijanjèkké Yéhuwah. Dadi, awaké dhéwé perlu sinau soal apa sing kelakon ing jamané Yèhèzkièl kuwi bèn isa ngerti luwih akèh soal tanah sing dijanjèkké Yéhuwah ing jaman saiki. Tapi, ayo dibahas dhisik pertanyaan iki: Apa buktiné nèk tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kuwi bener-bener ana ing jaman saiki?

      8. (a) Bangsa Israèl sing mbiyèn wis diganti karo bangsa apa? (b) Manggon ing firdaus rohani kuwi maksudé apa? (c) Firdaus rohani kuwi mulai ana kèt kapan, lan sapa waé sing manggon ing kono?

      8 Sakdurungé iki, pas ngramalké soal wong-wong Israèl sing bakal dibébaské saka penawanan, Yéhuwah ya ngomong, ”Abdi-Ku Daud bakal dadi rajané.” (Yèh. 37:24) Sing dimaksud kuwi yaiku Yésus Kristus. Dadi, ramalan kuwi ora mung kelakon pas jamané Yèhèzkièl thok, ning ya kelakon manèh sakwisé Yésus dadi Raja taun 1914. Wektu kuwi, bangsa Israèl sing mbiyèn wis ditolak Yéhuwah. Terus, bangsa kuwi diganti karo bangsa Israèl rohani, yaiku wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga. (Wacanen Matius 21:43; 1 Pétrus 2:9.) Tapi, sing diganti Yéhuwah ora mung kuwi. Tanah Israèl sing mbiyèn ya wis diganti karo tanah sing dijanjèkké Yéhuwah kanggo umaté ing akhir jaman, yaiku firdaus rohani. (Yés. 66:8) Kaya sing wis dibahas ing Bab 17, firdaus rohani mulai ana kèt taun 1919. (Deloken kothak 9B, ”Taun 1919”) Manggon ing firdaus rohani kuwi maksudé isa ngrasa ayem lan aman merga isa cedhak karo Yéhuwah lan ngibadah bareng karo wong-wong liyané sing padha-padha nyembah Yéhuwah. Awalé, sing manggon ing kono kuwi mung wong-wong sing dipilih munggah swarga. Tapi bar kuwi, ”domba-domba liyané”, yaiku wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi, ya isa manggon ing kono. (Yoh. 10:16) Dadi saiki, awaké dhéwé wis ngrasakké berkah sing akèh banget ing firdaus rohani. Tapi sukmbèn, sakwisé Armagédon, awaké dhéwé bakal ngrasakké berkah sing luwih akèh manèh.

  • ”Dhaérah sing Kudu Dibagi-bagi Dadi Tanah Warisan”
    Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
    • 13 Tanahé. Pas jamané Musa mbiyèn, suku sing luwih gedhé éntuk tanah sing luwih gedhé. (Wi. 26:52-54) Tapi saiki, Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl nèk tanahé kudu ”dibagi rata” kanggo kabèh suku Israèl. (Yèh. 47:14) Dadi, tanahé kuwi dibagi 12, lan saben bagéané kuwi jarak saka lor tekan kidulé padha. Wong Israèl kabèh isa padha-padha éntuk tanah sing subur ing Tanah Perjanjian.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim