-
”Kutha Mau Dijenengi Yéhuwah Ana ing Kana”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
”Kutha Bakal Ana ing Tengah-tengahé”
5, 6. (a) Kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi duwèké sapa? (b) Sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi dudu kutha apa, lan kenapa?
5 Wacanen Yèhèzkièl 48:15. ”Kutha” lan dhaérah sekitaré kuwi dienggo apa? (Yèh. 48:16-18) Yéhuwah ngandhani Yèhèzkièl, ”Tanah duwèké kutha . . . bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl.” (Yèh. 45:6, 7) Dadi, kutha lan dhaérah sekitaré kuwi ora dadi bagéan saka ”sumbangan suci” kanggo Yéhuwah. (Yèh. 48:9) Apa sing isa dipelajari saka keterangan soal kutha kuwi? Ayo dirembug bareng-bareng.
6 Bèn isa ngerti apa sing isa dipelajari, awaké dhéwé kudu ngerti dhisik sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi kutha apa. Pertama, sing dimaksud kuwi dudu kutha Yérusalèm lan baité sing wis dibangun manèh. Kenapa? Merga kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi ora ana baité. Keloro, sing dimaksud kuwi dudu kutha-kutha liya ing tanah Israèl sing wis dienggoni manèh. Kenapa? Merga wong-wong sing dibébaské saka penawanan utawa keturunané ora ana sing mbangun kutha sing kaya ngono. Ketelu, sing dimaksud kuwi dudu kutha sing ana ing swarga. Kenapa? Merga kutha kuwi dibangun ing ”dhaérah biasa”, dudu ing dhaérah suci sing khusus dienggo ngibadah.—Yèh. 42:20.
7. Kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi kutha apa, lan kuwi kétoké nggambarké apa? (Deloken gambar ing awal bab.)
7 Dadi, sakjané sing dimaksud Yèhèzkièl kuwi kutha apa? Pas éntuk wahyu iki, Yèhèzkièl ora mung ndelok kutha, ning ya ndelok tanah. (Yèh. 40:2; 45:1, 6) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk tanah sing didelok Yèhèzkièl kuwi dudu tanah tenanan. Berarti kutha sing didelok Yèhèzkièl kuwi ya dudu kutha tenanan. Nah, wektu krungu kata ”kutha”, njenengan mbayangkéné apa? Biasané awaké dhéwé mbayangké ana wong-wong sing manggon bareng, terus ing kono ya ana pemimpiné lan aturan-aturané. Dadi, kutha sing bentuké kothak sing didelok Yèhèzkièl kuwi kétoké nggambarké organisasi sing tertib lan teratur.
8. Sing dimaksud kuwi organisasi sing ana ing endi lan ngarahké apa? Saka ngendi ngertiné?
8 Terus, sing dimaksud kuwi organisasi sing ana ing endi lan ngarahké apa? Kuthané mau ana ing tanah sing didelok Yèhèzkièl. Dadi, organisasi kuwi ngarahké kegiatané umaté Yéhuwah ing firdaus rohani. Terus, kutha kuwi dibangun ing dhaérah biasa, dudu ing dhaérah suci. Berarti sing dimaksud kuwi dudu organisasi sing ana ing swarga, tapi organisasi sing ana ing bumi, sing nganti saiki terus ngarahké umaté Yéhuwah sing manggon ing firdaus rohani.
-
-
”Tanah sing Kudu Disumbangké”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
E. ”Sisané Tanah”
”Tanah kuwi bakal dadi duwèké kabèh wong Israèl”. Tanah kuwi ya bakal dadi ”duwèké kutha lan digunakké kanggo penduduk kutha, yaiku kanggo omah lan padhang rumput”.
-