-
”Akhirmu Wis Tekan”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
7. Apa maksudé rambut sing (a) diobong? (b) dipotong? (c) disebar?
7 Yéhuwah ngongkon Yèhèzkièl mbagi rambuté dadi telung bagéan. Ana sing diobong, dipotong, lan disebar. Apa maksudé? (Wacanen Yèhèzkièl 5:7-12.) Rambut sing diobong ing ”kutha kuwi” nggambarké nèk bakal ana penduduk Yérusalèm sing mati ing njero kutha. Rambut sing dipotong-potong ”ing sak ubengé kutha” nggambarké nèk bakal ana penduduk Yérusalèm sing dipatèni ing njaba kutha. Terus, rambut sing disebar nggambarké nèk bakal ana wong-wong sing mlayu saka Yérusalèm lan mencar ing dhaérah sing béda-béda. Tapi, ana ”pedhang” sing ”ngoyak rambut-rambut kuwi”. Maksudé, senajan manggon ing dhaérah liya, uripé wong-wong kuwi ora bakal tenang.
-
-
”Cukuren Rambutmu lan Jénggotmu”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
”Obongen”
Ana penduduk Yérusalèm sing bakal mati ing njero kutha
”Potong-potongen”
Ana penduduk Yérusalèm sing bakal dipatèni ing njaba kutha
”Sebaren”
Ana penduduk Yérusalèm sing tetep urip, ning uripé ora tenang
-
-
”Akhirmu Wis Tekan”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
10 Alkitab njelaské nèk wong-wong sing mauné ndhukung agama palsu bakal tetep urip sakwisé agama palsu dihancurké. Wong-wong kuwi bakal kewedèn lan ndhelik karo wong-wong liyané. (Za. 13:4-6; Why. 6:15-17) Peristiwa kuwi ngélingké awaké dhéwé karo wong-wong Yérusalèm sing tetep urip wektu Yérusalèm dihancurké. Wong-wong kuwi mencar ing dhaérah liya kaya ”kabur kena angin”. Tapi, kaya sing dibahas ing paragraf 7, senajan wong-wong kuwi berhasil mlayu, ’pedhangé’ Yéhuwah ”ngoyak” wong-wong kuwi. (Yèh. 5:2) Kuwi ya bakal dialami wong-wong sing mauné ndhukung agama palsu. Wong-wong kuwi ora isa ndhelik saka pedhangé Yéhuwah. Pas Armagédon, wong-wong kuwi bakal dipatèni bareng karo wong liyané sing sipaté kaya kambing.—Yèh. 7:4; Mat. 25:33, 41, 46; Why. 19:15, 18.
Awaké dhéwé dadi ”bisu”, maksudé ora martakké kabar apik manèh
-