-
”Malaékat sing Nduwé Wajah Papat” Nggambarké Apa?Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
15. Saka wahyu sing pertama, Yèhèzkièl isa ngerti soal apa?
15 Saka wahyu sing pertama iki, Yèhèzkièl isa sinau sesuatu sing penting soal hubungané karo Yéhuwah. Apa kuwi? Ing awal buku Yèhèzkièl, dhèwèké nulis nèk dhèwèké ana ”ing tanahé wong Khaldéa”. Terus, dhèwèké kandha, ”Ing kono, aku ngrasakké kekuwatané Yéhuwah.” (Yèh. 1:3) Yèhèzkièl kandha nèk dhèwèké nampa wahyu ing kono, yaiku ing Babilon, dudu Yérusalèm.c Dadi, Yèhèzkièl ngerti soal apa? Senajan Yèhèzkièl kuwi mung tawanan sing manggon adoh saka Yérusalèm lan baité Gusti Allah, Yéhuwah ora ninggalké dhèwèké. Ora soal kedudukané apa lan manggon ing endi, Yèhèzkièl tetep isa ngibadah marang Yéhuwah. Sing penting dhèwèké tulus lan péngin nyembah Yéhuwah.
-
-
”Malaékat sing Nduwé Wajah Papat” Nggambarké Apa?Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
c Ana komentator Alkitab sing kandha nèk kata ”ing kono” sing digunakké Yèhèzkièl nduduhké nèk Yèhèzkièl ”nggumun banget . . . Gusti Allah ana ing kono, yaiku ing Babilon. Kuwi mesthi bener-bener nguwatké Yèhèzkièl”.
-