-
”Aku Bakal Nggawé Kabèh Wong Kuwi Bersatu”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
11 Nganti atusan taun, pengaruhé gréja-gréja sing ngaku Kristen kuwat banget. Tapi tetep ana wong-wong Kristen sing bener, sing kaya ”gandum”. Kaya wong Yahudi sing ditawan sing disebutké ing Yèhèzkièl 6:9, wong-wong kuwi ora lali karo Gusti Allah. Ana sing ora setuju karo ajarané gréja. Akibaté, wong-wong kuwi diécé lan dianiaya. Apa Yéhuwah meneng waé ndelok keadaané kaya ngono? Ora. Kaya pas urusan karo wong Israèl jaman mbiyèn, Yéhuwah ora nesu terus. (Yér. 46:28) Sakliyané kuwi, Yéhuwah ya ngandhani nèk ana harapan kanggo umaté. Saiki ayo mbahas soal harapan saka Yéhuwah sing bakal mbébaské wong-wong Yahudi sing ditawan ing Babilon.
Wis atusan taun, wong-wong Kristen sing bener dianiaya karo wong-wong sing mèlu agama palsu (Deloken paragraf 10, 11)
-
-
”Aku Bakal Nggawé Kabèh Wong Kuwi Bersatu”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
13 Ing antarané wong-wong sing ditawan, isih ana wong-wong Yahudi sing setya karo Yéhuwah, misalé Yèhèzkièl, Danièl, lan telu kancané Danièl. Yéhuwah ya ngomong liwat Yèhèzkièl nèk ana umaté sing bakal mertobat. Wong-wong kuwi gela merga mbiyèn wis mbrontak nglawan Yéhuwah, mula wong-wong kuwi njaluk ngapura karo Yéhuwah. (Yèh. 6:8-10; 12:16) Danièl, sing isih urip wektu wong Yahudi ditawan nganti dibébaské saka Babilon, tau ndonga lan njaluk bèn wong Israèl diapura. Dongané dicathet ing Danièl bab 9. Perasaané Danièl mesthi padha karo perasaané wong Yahudi liyané sing péngin diapura lan diberkahi manèh karo Yéhuwah. Wong-wong kuwi mesthi seneng banget wektu krungu ramalané Yèhèzkièl nèk wong-wong kuwi bakal dibébaské lan ibadah marang Yéhuwah bakal dadi murni manèh.
-