-
”Deloken Perkara-Perkara Jahat lan Njijiki sing Ditindakké Wong-Wong Kuwi”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Keloro: 70 Pemimpin Lagi Mènèhké Dupa marang Déwa-Déwa
11. Wektu digawa menyang halaman njero ing cedhak mézbah bait, Yèhèzkièl ndelok apa?
11 Wacanen Yèhèzkièl 8:7-12. Saka gerbang bait sisih lor, Yèhèzkièl digawa menyang halaman njero ing cedhak mézbah bait. Yèhèzkièl njebol témbok sing ana ing kono, lan dhèwèké ndelok ana ”ukiran-ukiran kéwan sing nggremet, kéwan sing njijiki, lan kabèh brahala sing njijiki”.c Kabèh ukiran kuwi nglambangké déwa-déwa. Tapi sing luwih parah manèh, Yèhèzkièl ndelok ’70 pemimpin Israèl sing ngadeg ing petengan’ lagi mènèhké dupa marang déwa-déwa. Nurut Hukum Musa, dupa sing wangi nglambangké dongané wong-wong sing setya sing dirungokké Yéhuwah. (Mzm. 141:2) Ning, dupa sing diwènèhké marang déwa-déwa kuwi ambuné ora énak kanggo Yéhuwah. Dongané 70 pemimpin kuwi njijiki kanggo Yéhuwah. (WB. 15:8) Wong-wong kuwi mikir, ’Yéhuwah ora bakal ngerti.’ Ning, sakjané Yéhuwah ngerti lan nduduhké marang Yèhèzkièl kabèh sing kelakon ing baité.
Yéhuwah ngerti kabèh tumindak njijiki sing ana ”ing petengan” (Deloken paragraf 11)
12. Ngapa kok awaké dhéwé kudu tetep setya senajan ”ing petengan”? Sapa sing kuduné mènèhi conto sing apik soal kuwi?
12 Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal 70 pemimpin sing mènèhké dupa marang déwa-déwa? Bèn dongané awaké dhéwé dirungokké lan ibadahé awaké dhéwé ditampa Gusti Allah, awaké dhéwé kudu tetep setya senajan ”ing petengan”. (WB. 15:29) Awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah ngerti kabèh kelakuané awaké dhéwé. Nèk yakin Yéhuwah bener-bener ana, awaké dhéwé ora bakal nglakoni apa waé sing marahi Yéhuwah sedhih, senajan lagi dhèwèkan. (Ibr. 4:13) Para pinituwa sing nduwé tugas mulang para sedulur ing jemaat kudu mènèhi conto sing apik soal kuwi. (1 Ptr. 5:2, 3) Para sedulur ing jemaat mesthi péngin bèn para pinituwa isa ngetrapké pathokané Alkitab senajan ”ing petengan”, maksudé wektu ora ana wong liya sing ndelok.—Mzm. 101:2, 3.