-
”Deloken Perkara-Perkara Jahat lan Njijiki sing Ditindakké Wong-Wong Kuwi”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
Ketelu: ’Wong-Wong Wédok Nangisi Déwa Tamuz’
13. Ing gerbang lor omahé Yéhuwah, Yèhèzkièl ndelok wong-wong wédok lagi ngapa?
13 Wacanen Yèhèzkièl 8:13, 14. Sakwisé ndelok wahyu kuwi, Yéhuwah ngomong manèh karo Yèhèzkièl, ”Kowé bakal ndelok sing luwih njijiki manèh timbang kuwi.” Apa sing didelok Yèhèzkièl? ’Ing gerbang lor omahé Yéhuwah, ana wong-wong wédok sing lungguh lan nangisi Déwa Tamuz.’ Tamuz kuwi déwané wong Mésopotamia, sing dianggep kekasihé Istar, yaiku dèwi kesuburan.d Nangisi Déwa Tamuz kuwi mungkin bagéan saka ibadah sing ana hubungané karo kematiané Déwa Tamuz. Senajan ngibadahé ing baité Gusti Allah, ibadah palsu tetep waé najis. Kanggoné Yéhuwah, kuwi ”njijiki” banget.
14. Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong wédok sing nangisi Déwa Tamuz?
14 Apa sing isa disinaoni saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl soal wong-wong wédok sing nangisi Déwa Tamuz? Bèn ibadahé awaké dhéwé tetep murni, kuwi aja dicampur karo kebiasaan kafir. Aja mèlu-mèlu nindakké kebiasaan sing ana hubungané karo perayaan tertentu. Isa waé perayaan kuwi asal-usulé saka kebiasaan kafir. Apa asal-usulé perayaan kuwi pancèn penting? Ya, kuwi penting banget. Kebiasaan-kebiasaan sing ana hubungané karo perayaan tertentu, misalé Natal, Paskah, lan ulang taun, mungkin kétoké ora bahaya. Tapi, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah wis tau ndelok langsung kebiasaan kafir sing dadi asal-usulé perayaan-perayaan ing jaman saiki. Senajan perayaan-perayaan kuwi wis dirayakké kèt mbiyèn utawa dicampur karo ibadah sing murni, kanggoné Yéhuwah kebiasaan kafir tetep waé najis.—2 Kor. 6:17; Why. 18:2, 4.
-