-
”Wènèhana Tandha ing Bathuké”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
16. Apa umaté Yéhuwah ditugasi kanggo mènèhi tandha? Terangna.
16 Umaté Yéhuwah ora ditugasi kanggo mènèhi tandha. Mbiyèn, Yèhèzkièl ora ditugasi mlaku-mlaku ing Yérusalèm karo mènèhi tandha ing bathuké wong-wong. Saiki, awaké dhéwé ya ora ditugasi kanggo mènèhi tandha. Ning, awaké dhéwé iki pelayan omah sing ditugasi kanggo martakké kabar apik lan ngandhani wong-wong nèk sedhéla manèh wong jahat bakal disingkirké. Awaké dhéwé kudu semangat nindakké kuwi, merga kuwi tugas sing penting. (Mat. 24:14; 28:18-20) Dadi, awaké dhéwé isa mbantu wong-wong nindakké ibadah sing murni.—1 Tim. 4:16.
17. Bèn isa diwènèhi tandha lan dislametké, saben wong kudu piyé?
17 Bèn isa dislametké, saben wong kudu mbuktèkké imané. Mbiyèn, ana wong-wong sing dislametké pas Yérusalèm dihancurké taun 607 SM. Kuwi merga kèt sakdurungé Yérusalèm dihancurké, wong-wong kuwi bener-bener ora seneng ndelok perkara-perkara sing njijiki lan péngin tetep setya karo Yéhuwah. Saiki, sakdurungé donya iki disingkirké, saben wong ya kudu ”sambat lan susah” merga apa sing jahat, maksudé bener-bener ora seneng karo apa sing jahat. Wong-wong ya kudu ndhukung ibadah sing murni. Kuwi kudu kétok saka omongan lan tumindaké. Carané piyé? Wong-wong kudu nampa kabar apik, niru sipat-sipaté Yésus, nggawé janji ngabdi lan dibaptis, lan terus ndhukung sedulur-seduluré Yésus. (Yèh. 9:4; Mat. 25:34-40; Éf. 4:22-24; 1 Ptr. 3:21) Mung wong-wong sing terus nindakké kuwi kèt saiki nganti sengsara gedhé sing bakal diwènèhi tandha lan dislametké.
18. (a) Piyé carané Yésus mènèhi tandha, lan kapan kuwi kelakon? (b) Apa wong-wong sing dipilih munggah swarga perlu diwènèhi tandha kaya wong-wong liyané? Terangna.
18 Sing mènèhi tandha wong-wong sing dislametké kuwi makhluk roh. Ing jamané Yèhèzkièl, wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis kuwi nggambarké para malaékat. Nèk jaman saiki, kuwi nggambarké Yésus sing bakal dadi Hakim lan ”teka nganggo kemuliaané”. (Mat. 25:31-33) Yésus bakal teka pas sengsara gedhé, sakwisé agama palsu dihancurké.c Terus, sakdurungé Armagédon dimulai, Yésus bakal ngadili wong-wong, utawa nentokké endi sing domba lan endi sing kambing. Wong-wong sing dianggep domba berarti wong-wong kuwi diwènèhi tandha. Wong-wong kuwi dadi bagéan saka ”kumpulan gedhé” sing bakal dislametké lan ”urip saklawasé”. (Why. 7:9-14; Mat. 25:34-40, 46) Terus, wong-wong sing dipilih munggah swarga piyé? Wong-wong kuwi ora perlu diwènèhi tandha kaya wong-wong liyané. Tapi, wong-wong kuwi bakal diwènèhi meterai. Ana sing diwènèhi meterai sakdurungé dhèwèké mati. Tapi, ya ana sing diwènèhi meterai sakdurungé sengsara gedhé dimulai lan bakal munggah swarga sakdurungé Armagédon dimulai.—Why. 7:1-3.
-
-
Sambat lan Susah, Mènèhi Tandha, Ngancurké—Kapan lan Apa Maksudé?Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
”Mènèhi tandha”
KAPAN: Pas sengsara gedhé
APA MAKSUDÉ: Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis nggambarké Yésus sing bakal teka kanggo ngadili wong-wong. Wong-wong sing dianggep domba berarti wong-wong kuwi diwènèhi tandha. Wong-wong kuwi dadi bagéan saka kumpulan gedhé sing bakal dislametké pas Armagédon
-