PERPUSTAKAAN ONLINE Warta Penting
PERPUSTAKAAN ONLINE
Warta Penting
Jawa
é
  • é
  • É
  • è
  • È
  • ALKITAB
  • PUBLIKASI
  • PERTEMUAN IBADAH
  • Pitakonané sing Maca
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Juni
    • Sakdurungé taun 607 SM, Yéhuwah ngekèki wahyu marang Yéheskièl bab apa sing bakal kelakon sakdurungé Yérusalèm diremuk. Liwat wahyu kuwi, Yéheskièl isa weruh tumindak jahat sing ana ing kutha kuwi. Banjur, dhèwèké weruh ana wong lanang enem sing nggawa ”piranti pangremuk”, lan wong lanang sing ”manganggo mori”, sing nggawa ”piranti nulis”. (Yk. 8:6-12; 9:2, 3) Wong lanang kuwi dikon ngubengi kutha lan ’nulis aksara T ing bathuké wong-wong kang padha sesambat marga saka sakèhing panggawé nistha kang katindakaké ana ing kono’. Banjur, wong lanang enem sing nggawa piranti pangremuk dikon matèni wong-wong sing ora dikèki tandha ing bathuké. (Yk. 9:4-7) Apa sing disinaoni saka wahyu kuwi, lan sapa wong lanang sing nggawa piranti nulis?

      Yéheskièl éntuk wahyu kuwi taun 612 SM. Wahyu kuwi sepisanan kedadéan taun 607 SM wektu tentara Babil ngremuk Yérusalèm. Yéhuwah nggunakké tentara Babil kanggo ngukum umaté sing ora setya. (Ym. 25:9, 15-18) Apa sing dialami wong-wong Yahudi sing setya, sing ora seneng karo tumindak jahat ing kutha kuwi? Wong-wong kuwi dislametké Yéhuwah.

      Yéheskièl ora tenanan ngekèki tandha ing bathuké wong-wong kuwi, lan ora mèlu ngremuk Yérusalèm. Para malaékat ngatur bèn kutha kuwi diremuk. Dadi, wahyu mau nduduhké kedadéan sing ana ing swarga. Yéhuwah ngongkon para malaékaté ngatur bèn wong-wong jahat ing Yérusalèm dipatèni lan sing setya dislametké.a

  • Pitakonané sing Maca
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Juni
    • Wahyu kuwi uga bakal kelakon mbésuk. Mbiyèn awaké dhéwé nerangké nèk sing dimaksud wong lanang sing nggawa piranti nulis kuwi wong sing dipilih munggah swarga, sing isih ana ing bumi. Awaké dhéwé uga kandha nèk wong-wong bakal dikèki tandha bathuké nèk gelem ngrungokké lan nampa kabar apik. Ning, saiki katrangan kuwi perlu diowahi, merga Matéus 25:31-33 kandha nèk Yésus dadi hakim wektu sengsara gedhé. Wektu kuwi, wong sing dianggep wedhus gèmbèl bakal dislametké, lan sing dianggep wedhus jawa bakal disingkirké.

  • Pitakonané sing Maca
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Juni
      1. Wong-wong sing slamet ing jamané Yéheskièl lan sing slamet saka sengsara gedhé ora tenanan dikèki tandha ing bathuké. Piyé carané bèn isa slamet saka sengsara gedhé? Wong-wong kuwi kudu gelem dikandhani, niru Yésus, ngabdi marang Yéhuwah, lan mèlu nginjil bareng para seduluré Yésus. (Mt. 25:35-40) Wektu sengsara gedhé, wong-wong mau bakal dikèki tandha ing bathuké. Kuwi maksudé dipilih bèn dislametké.

      2. Wong sing nggawa piranti nulis kuwi Yésus. Wektu sengsara gedhé, Yésus bakal ngekèki tandha marang golonganing wong akèh merga dianggep wedhus gèmbèl. Wong-wong kuwi bakal urip saklawasé ing bumi.​—Mt. 25:34, 46.b

  • Pitakonané sing Maca
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Juni
    • a Wong-wong sing slamet, kaya Barukh (sekretarisé Yérémia), Èbèd-Mèlèkh wong Étiopia, lan wong-wong Rékhab, ora dikèki tandha bathuké. (Ym. 35:1-19; 39:15-18; 45:1-5) Kuwi mung lambang nèk wong-wong mau bakal dislametké.

  • Pitakonané sing Maca
    Warta Penting (Wulangan)—2016 | Juni
    • b Wong-wong setya sing dipilih munggah swarga ora nampa tandha bèn dislametké. Sakdurungé sengsara gedhé mulai, utawa sakdurungé mati, wong-wong kuwi bakal dikandhani langsung karo Yéhuwah nèk dianggep setya lan bakal munggah swarga.​—Wy. 7:1, 3.

Wacan Basa Jawa (2013-2025)
Metu
Mlebu
  • Jawa
  • Kirim
  • Pengaturan
  • Copyright © 2025 Watch Tower Bible and Tract Society of Pennsylvania
  • Syarat Penggunaan
  • Kebijakan Privasi
  • Pengaturan Privasi
  • JW.ORG
  • Mlebu
Kirim