-
”Wènèhana Tandha ing Bathuké”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
7, 8. Wong lanang enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mau tugasé apa, lan apa sing kelakon bar kuwi?
7 Terus, wong lanang enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mau tugasé apa? Yèhèzkièl krungu nèk wong-wong kuwi dikongkon Yéhuwah ngetutké wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan matèni kabèh wong, kecuali sing nduwé tandha ing bathuké. Yéhuwah kandha, ”Kowé kudu mulai saka panggonan suci-Ku,” yaiku baité Yéhuwah ing Yérusalèm. (Yèh. 9:6) Wektu kuwi, baité Yéhuwah wis digawé najis karo wong-wong. Dadi, sing kudu dipatèni dhisik yaiku ”para pemimpin sing ana ing ngarep bait”, maksudé 70 pemimpin Israèl sing lagi ngobong dupa kanggo allah-allah palsu.—Yèh. 8:11, 12; 9:6.
-
-
”Wènèhana Tandha ing Bathuké”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
9, 10. Sapa waé sing dislametké pas Yérusalèm dihancurké, lan kenapa wong-wong kuwi dislametké?
9 Wacanen 2 Babad 36:17-20. Ramalané Yèhèzkièl kelakon pas Babilon ngancurké Yérusalèm lan baité taun 607 SM. Pasukané Babilon kuwi kaya ”gelas emas sing dicekel Yéhuwah”, maksudé digunakké Yéhuwah kanggo ngukum Yérusalèm. Wong-wong sing dihukum kuwi isa diumpamakké kaya lagi ngombé saka gelasé Yéhuwah. (Yér. 51:7) Tapi ora kabèh dipatèni. Saka wahyu sing didelok Yèhèzkièl, awaké dhéwé ngerti nèk bakal ana sing dislametké.—PD. 18:22-33; 2 Ptr. 2:9.
10 Sing dislametké yaiku wong-wong sing setya, misalé wong-wong Rékhab, Èbèd-mèlèkh wong Étiopia, terus Nabi Yérémia lan sekretarisé, yaiku Barukh. (Yér. 35:1-19; 39:15-18; 45:1-5) Berarti nèk menurut wahyu sing ditampa Yèhèzkièl mau, wong-wong kuwi mesthi padha ”sambat lan susah merga kabèh perkara njijiki” sing ditindakké ing Yérusalèm. (Yèh. 9:4) Wong-wong kuwi mesthi bener-bener ora seneng ndelok perkara-perkara sing njijiki lan péngin tetep setya karo Yéhuwah kèt sakdurungé Yérusalèm dihancurké. Mula, wong-wong kuwi dislametké Yéhuwah.
11. Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan wong enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké kuwi nggambarké sapa?
11 Apa bathuké wong-wong sing dislametké kuwi bener-bener diwènèhi tandha? Alkitab ora nyritakké nèk Yèhèzkièl utawa nabi-nabi liyané mlaku-mlaku ing Yérusalèm karo mènèhi tandha ing bathuké wong-wong sing setya. Dadi, mesthiné sing mènèhi tandha kuwi makhluk roh, lan peristiwa kuwi ora isa didelok manungsa. Wong lanang sing nggawa wadhah alat tulis lan wong enem sing nggawa senjata kanggo ngancurké mau nggambarké para malaékat sing setya, sing siap nindakké kepénginané Yéhuwah. (Mzm. 103:20, 21) Pas Yérusalèm dihukum, Yéhuwah nggunakké para malaékat kanggo mastèkké bèn sing dipatèni mung wong-wong sing ora setya. Terus, wong-wong sing diwènèhi tandha, yaiku wong-wong sing setya, bakal dislametké.
-