-
Sambat lan Susah, Mènèhi Tandha, Ngancurké—Kapan lan Apa Maksudé?Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
”Ngancurké”
KAPAN: Pas Armagédon
APA MAKSUDÉ: Yésus karo pasukané, yaiku para malaékat lan 144.000 wong sing dadi raja bareng karo Yésus ing swarga, bakal matèni wong-wong sing jahat lan nylametké wong-wong sing setya
-
-
”Wènèhana Tandha ing Bathuké”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
19. Pas Yésus ngukum donya iki, sapa sing ngéwangi? (Deloken kothak ”Sambat lan Susah, Mènèhi Tandha, Ngancurké—Kapan lan Apa Maksudé?”)
19 Yésus, sing wis dadi Raja, bakal ngukum donya iki bareng karo pasukané ing swarga. Ing wahyu sing didelok Yèhèzkièl, wong lanang enem sing nggawa senjata lagi mulai ngancurké sakwisé wong lanang sing nganggo klambi linèn rampung mènèhi tandha. (Yèh. 9:4-7) Dadi, sukmbèn donya iki bakal dihancurké sakwisé Yésus rampung ngadili wong-wong lan mènèhi tandha ing bathuké wong-wong sing dianggep domba. Terus, Yésus bakal matèni wong-wong sing jahat pas perang Armagédon. Yésus diéwangi karo pasukané, yaiku para malaékat lan 144.000 wong sing dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. Bar kuwi, wong-wong sing setya bakal dislametké lan isa urip ing donya anyar.—Why. 16:14-16; 19:11-21.
-