-
”Aku Bakal Nglantik Gembala”Ibadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
5. Teka-tekiné apa?
5 Wacanen Yèhèzkièl 17:3-10. Teka-tekiné kaya ngéné: Ana ”manuk elang gedhé” sing nyeklèk tunasé wit aras sing paling dhuwur. Terus, tunas kuwi ditandur ing ”kuthané para pedagang”. Manuk kuwi ya njupuk ”benih saka tanah kuwi”, terus ditandur ing ladhang sing subur ”pinggir kali”. Benih kuwi thukul dadi ’wit anggur sing mrambat’. Bar kuwi, ana ”manuk elang gedhé” liyané. Wit anggur mau ”ngupaya ngrambatké” akaré marang manuk kuwi bèn ditandur ing ladhang liyané sing akèh banyuné. Kuwi nggawé Yéhuwah ora seneng. Wit anggur kuwi bakal dicabut akaré lan dadi ”garing banget”.
Manuk elang gedhé sing pertama nggambarké Nébukhadnézar raja Babilon (Deloken paragraf 6)
6. Jelasna artiné teka-teki kuwi.
6 Maksudé teka-teki kuwi apa? (Wacanen Yèhèzkièl 17:11-15.) Taun 617 SM, Nébukhadnézar raja Babilon (”manuk elang gedhé” sing pertama) ngepung Yérusalèm. Dhèwèké nglèngsèrké Yéhoyakhin raja Yéhuda (’tunas sing paling dhuwur’). Terus, Yéhoyakhin digawa menyang Babilon (”kuthané para pedagang”). Bar kuwi, Nébukhadnézar nglantik Zédékia (salah siji ”benih saka tanah kuwi”, yaiku keturunan raja) dadi raja ing Yérusalèm. Zédékia dikongkon sumpah nganggo jenengé Gusti Allah nèk bakal dadi abdiné Nébukhadnézar. (2 Bb. 36:13) Ning, Zédékia ora nepati sumpahé. Dhèwèké malah nglawan Babilon lan njaluk bantuané Firaun raja Mesir (”manuk elang gedhé” sing keloro). Tapi, kuwi ora berhasil. Yéhuwah ora seneng merga Zédékia ora nepati sumpahé. (Yèh. 17:16-21) Akhiré, Zédékia dilèngsèrké, dipenjara ing Babilon, lan mati ing kana.—Yér. 52:6-11.
-
-
Ramalan soal Mésias—Wit Aras sing GedhéIbadah marang Yéhuwah Akhiré Dadi Murni Manèh
-
-
1. Yéhoyakhin ditawan Nébukhadnézar ing Babilon
-